Sunday 4 March 2018

MATERI CERKAK BASA JAWA

1.Pangertene Cerkak
Cerkak yaiku crita ganjaran kang ngandharake sarining kedadeyan saka wiwitan tumekaning pungkasan. Wose kang perlu ana ing sajroning cerkak yaiku, mbeberake kedadeyan kanthi cekak nanging wis bisa dudut ati.
Titikane Cerkak:
1.       Reroncening crita mung siji
2.       “perwatakan” paraga digambarake kanthi cekak.
3.       Dredah sajroning cerkak ora marakake nasib para paragane owah.
4.       Amung ana siji prastawa kang nguwasani dalan critane.
5.       Cerkak asifat reka-reka/fiktif
6.       Cerkak asifat naratif/andharan

2. Unsur-unsur instrinsik karya sastra
a.       Irah – irahan : gambaran saka isi
b.       Tema : lanjering prekara utawa ide pokok
1)       Bisa diandharake kanthi eksplisit (transparan, melok) bisa diandharake kanthi implisit (tersirat)
2)       Wujude tema werna-werna, bisa diandharake lewat irah-irahan, gambaran latar, paraga utawa dialog antaraning paraga.
c.        Paraga : kanggo nglakokake dalane crita
1.       Paraga ana kang nduwe watak becik diarani Protagonis.
2.       Paraga kang nduwe watak ala diarani Antagonis.
d.       Latar : sakabehe katrangan, panuduh, sing ana sesambungane karo wektu, swasana lan panggonan ing sajroning crita.
1.       Latar sosial ngenani status sosial ing pegawean paragane manut urutane
-          Paraga kanthi latar sosial cendhek
-          Paraga kanthi latar sosial sedheng
-          Paraga kanthi latar sosial dhuwur
2.       Latar panggonan, umpamane;
-          Latar desa
-          Latar Kutha
-          Latar nganggo panggonan liyane, upamane sawah, laut, sekolahan. lsp
3.       Latar wektu, umpama
-          Sesuk, awan, sore, wengi
-          Dina, minggu, wulan, taun
-          Ananging ana uga latar wektu kang ora disebutake kanthi cetha, kaya sawijining dina, satengahe wengi .lsp
e.        Alur : ngawujudakake reroncen sebab musabab kang mbangun crita
Adhedasar “kriteria” watara wektu, alur dibedakake dadi loro, yaiku alur maju (progresif) lan alur mundur (regresif, flash back)
f.        Amanat : piweling saka pangripta kanggo pamaose
Weling kang dikarepakake yaiku  bisa awujud piwulang becik lan ala, ngenani sesambungane manungsa karo sapadhane, Gusti Allah utawa karo awake dhewe.
 Cerkak iku kalebu kasusastran Jawa anyar. Ngrembakane cerkak watara taun 1950-1970an.
Pangriptane cerkak bisa kaperang dadi:
a.          Jaman sadurunge perang kamardikan, kayata;
     Tjoethil, Mas Krendhadigdaja, Sri Melati, Zilvervos.
b.           Jaman kamardikan Indonesia
      St. Lesmaniasita, Any Asmara, Esmiet, Suparto Broto, Sudharma KD
c.        Taun 1960-1970an
Widi widayat, Tamsir as, Jayus pete, Ariesta Widya.
3.  Sinopsis
 Sinopsi yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cerkak nanging bisa jlentrehake crita sakabehe. Nalika bakal nulis synopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku:
·         Tema : gagasam pokok uataw pokok crita
·         Latar : papan lan wektu dumadine prastawa
·         Alur : lakuning crita
·         Penokohan : paraga crita
Saka katrangan kasebut banjur bisa digawe sinopsi

No comments:

Post a Comment

Materi Tembang Macapat