Tuesday 27 February 2018

Cerkak: PAK RT

PAK RT
Dening: Joko Karyanto
Esuk kuwi ora beda kaya dina-dina wingi, saben dina Pak Rt nyambut gawe dadi buruh ing kutha tangga. Sakdurunge makarya dheweke jam setengah pitu kudu ngeterake anak-anake sekolah, maklum bojone kang ora nyambut gawe ora kuwawa ngurusi gawean omah sinambi ngurus anak.pak RT dhuweni watak kang becik senajan wonge rada galak, dheweke uga gampang percaya marang wong liya. Mulih saka gawean sak’ora-orane pak RT teka ngomah jam papat sore. Sore kuwi dumadakan ana pawongan cacah loro kang mara menyang ngomahe. Kanthi rasa kurmat tamune dibagekake, banjur ditakoni marang pak RT. “ wonten kersa punapa nggih pak ko’janur gunung”? tamune kanthi rasa kepenak lan sajak akrab banjur jawab.
“ahh....namung dolan pak, nggih sekalian kula punika badhe pados sambutan mobil, cantene jenengan nyewakake mobil”? ohh..... nggih-nggih, kula kinten wonten punapa. Nggih namung mobil elek-elekan mas”. Lha panjenengan daleme pundi? “ kula namung tangga desa mriki, nami kula Bajul. Tanpa rasa cubriya pak Rt banjur takon. “Lajeng mobil punika mangkih ajeng damel punapa”. Tamune banjur jawab menawa mobile mengko arep dienggo sateran, ngeterake jagong menyang kutha Solo. Gandeng pak Rt iki wis biasa nyewakake montore, tanpa rasa cubriya kunci lan STNK’ne montor diwenehake.
Wong kang nyilih montore pak Rt mau ngomong yen montore arep disewa telung dina. Rumangsa arep entuk duwit sewan kang lumayan akeh, pak Rt banjur nyaguhi lan sajak sumringah semono uga bojone uga seneng merga montore payu. Telung dina wis kliwat, nanging montor kang disilih durung bali. Pak Rt banjur ngebel Bajul lan takon kena ngapa montore durung dibalekake. Bajul banjur ngomong menawa dheweke arep nyilih meneh kira-kira telung dina meneh, mengko duit sewane arep dilipetake. Tanpa rasa curiga pak Rt kang hasile nyambut gawe yamung pas-pas’an langsung nyagohi. Merga pikire saya suwe anggone nyewa montor, duit kang bakal ditampa uga bakal tambah akeh. Dina genti dina pak Rt sajak ayem tentrem ora duwe prasangka apa-apa. Nanging sabubare dina kaping nem, dumadakan dadi dina kang paling apes ing uripe pak Rt. Dheweke entuk sms saka Bajul kang isi kaya mengkene. “ Pak kula nyuwun ngapunten, montore jenengan kula gadhekake kagem ragat kula menyang Malaysia, niki kula sampun dugi Malaysia jenengan ampun madosi kula”. Maca kabar kaya mengkono dumadakan sakisine omah dadi geger, anak, bojo lan wongg tuane pak Rt uga melu binggung.
Montor kang dadi banda paling larang ilang merga digadekake wong ora genah. Ing pungkasane sms saka Bajul, dheweke menehi nomer hp kang gadhe montore pak Rt. Nomer iku banjur ditelepon bola-bali nanging ora diangkat malah dipateni terus. Pak Rt saya binggung, adhine kang omahe ana sacedhake banjur teka lan jaluk nomere kuwi mau. Banjur ditelpon nanging uga ora diangkat. Banjur dheweke sms kang isine mengkene “ assalamualaikum angsal kenalan boten”?.  Nanging uga ora dibales,sangking dene sing bingung adhine pak Rt banjur ngajak lapor menyang Kantor Polisi, teka kantor polisi banjur crita apa anane. Saknalika iku si Bajul dadi DPO Polisi, kurang luwih karotengah jam pak Rt lan adhine ana kantor polisi, banjur arep pamiit mulih, ujug-ujug ana  bel mlebu menyang hp adhine pak Rt, tanpa dinyana kang telpon iku nomer kang gadhe montore pak Rt. Saka  guneme wonge apik, nalika ditakoni omahe ngendi lan jenenge sapa uga dijawab kanthi cetha. Adhine pak RT banjur duwe akal menawa dheweke sing duwe montor kang digadhe lan mengko montore arep dijupuk. Bibar ngono pak Rt lan adhine banjur ngomong karo pak Polisi kang nangani, nanging karo Polisi kasebut pak Rt lan adhine diakon sabar nunggu surat printah saka POLSEK.
 Merga pancen wektu laporan iku wayahe wis sore jam limanan dadi pak Polsek yowis kondur. Banjur ngerti mengkono pak Rt mulih  lan sesuk  dikon bali menyang kantor Polisi jam sanga esuk karo nggawa BPKB montor. Sakdurunge kuwi pak RT ngebel tanggane karo menehi alamat lan jeneng dheweke jaluk tulung kon goleki omahe kang gadhe montore. Sewengi pak Rt lan keluarga ora bisa turu, namung mikir piye kahanane banda kang dadi gegantilane ati, mikir kira-kira mbesuk bakal kepriye. Pikirane ngaliih-ngalih wedi sumelang montore wis diguwak lunga marang kang gadhe. Bibar iku tangga kang dijaluki tulung uga adhine kang goleki menehi kabar,menawa omahe ketemu lan montore isih. Pak Rt senajan isih kuwatir atine rada ayem, ngerti montore durung owah saka panggonane.Esuk kang ditunggu pak Rt teka. Kanthi rasa kuwatir  dhewe banjur ngakon adhine telpon kancane kang dadi polisi ing kutha tangga, ngomong yen dheweke jaluk tulung kon ngacani. Kancane adhine iku ndilalahe wonge becik, dheweke ngeyem-eyem lan saguh arep nulungi, nanging isane rada awan. Teka kantor Polisi pak Rt sekalian garwa rada kegelan, amarga polisi kang nangani durung oleh layang saka Polsek, pak polsek’e durung teka. Kurang luwih jam sewelasan kancane adhine kang jenenge Yanto teka ing kantor Polisi, bebarengan karo kuwi layang penangkapan saka Polsek uga wis dadi.
Tanpa nunggu aba-aba, rombongan polisi kasebut mangkat menyang omahe wong kang gadhe montore pak RT. Tekan kana sing duwe  omah dumadakan kaget, ngerti akeh polisi mara menyang omahe kamangka dheweke ora rumangsa duwe salah apa-apa. Pak polisi banjur menehi piterangan babagan montor kang ana ing omahe, nanging sing duwe omah mesa ngeyel merga dheweke ora rumangsa salah, montor kang ana omahe iku jare sing tuku saka kancane regane limalas yuta. Amarga kabeh rumangsa bener, pungkasane montor kasebut digawa menyang kantor polisi. Teka kantor polisi, rembugan, udur uga semu padu dumadi antarae pak Polisi lan wong kang gadhe. Runtuting crita jebule, montor kasebut ora kanggo cateran karo Bajul, nanging montor kasebut nalika dijupuk saka omahe pak Rt langsung digadhe marang supir DAM kang ana ing kecamatan tangga lan diaji pitung yuta, karo sopir Dam kasebut montor banjur digadhe meneh marang juraga kayulan diaji limalas yuta. Wong-wong kang kelibat karo pak polisi banjur diciduk kabeh lan dikumpulke ing kantor polisi lan dijaluki katrangan. Pungkasane crita juragan kayu kang dadi wong keri dhewe sing nampa montor jaluk prekara iki dirampungake kanthi musyawah kang becik. Pak Rt nyagohi, sing dipikir namung montore sing penting bali kanthi utuh. Rembugan antarane wong loro kasebut ditunggoni karo pak polisi lan keluarga kelorone. Akhire juragan kayu kasebut lila dheweke kelangan limalas yuta, dheweke rumangsa apes wis diapusi. Marang pak polisi dheweke banjur jaluk tulung supaya si Bajul kang dadi oyoting prekara supaya ditangkep. Pak polisi banjur nyaguhi arep ngoyak lan ngggoleki nganti saktemune.
Pak Rt lan keluarga banjur mulih kanthi rasa ayem lan bungah merga montore ketemu tanpa cacad . senajan rada gela ora sida entuk rejeki, nanging dheweke tetep sujud syukur marang Gusti kang Maha Kuwaos, lan dadekake pengalaman kasebut kanggo piweling marang watake kang gampang percaya marang wong liya.

No comments:

Post a Comment

Materi Tembang Macapat