Wednesday 14 March 2018

Panyandra Kanggo Wisuda Siswa

Bismillahirrahmannirrahim assalamualikum wr.wb Dhumateng para tamu ingkang dhahat kinurmatan, keparenga kula badhe ngaturaken atur panyandra dhumateng para wisuda. Binarung swaraning ketawang ibu pertiwi, kawistingal jengkaring para wisudan saking wisma palereman ingkang dipun pandegani dening putri ayu cacah kalih, padha ayune, padha dedege, padha busanane. Kawistingal tumapaking lampah katon edah, anut wiramaning gendhing. Estining penggalih Jroning lumaksana tansah nengenaken pengati-ati, jroning batos mugi saged kinarya dadya tepa palupining para wisudan anggenipun lelumban ing bebrayan agung. Sawurinipun wonten priya cacah sekawan kawastanan kemawon PUNAKAWAN, kanthi lampah alon lan nengenake pengati-ati runtut saking ingkang sepuh inggih punika BAPA SEMAR (saking tembung nengsemake rasa, ateges Semar minangka dados pangarsaning lampah tansah nengenaken solah bawa ingkang prasaja lan wicaksana) Salajengipun wonten GARENG (saking tembung datan gagap swareng batos, ateges sanadyanta gareng menika kirang cetha anggenipun micara, namung tansah nengenaken swareng batos ingkang suci supados mboten adamel cuwaning penggalihipun liyan). Kasambung dening PETRUK (kepenak tansah rukun lan sayuk, ateges raosipun manah menika tansah resik saking sesuker dados wontenipun tansah rukun lan sayuk dhumateng liyan). Pungkasan wonten BAGONG (Bakoh golongipun, ateges sanadyanta panggenanipun wonten wingking namung tansah sayuk lan jumurung kersanipun para minulya saengga sedaya sedya saged kajangka kanthi sekeca). Para Punakawan ingkang dipun pandhegani dening titisanipun sang Hyang Ismaya nun inggih Semar tumurun saking Suralaya tumuju ngarcapada saperlu paring pangestu saha wahyuning kamulyan dhumateng para wisudan. Mugi kalis ing sukerta sageda dados lare ingkang minulya, bekti dhateng tiyang sepuh nira, miguna tumrap nusa lan bangsa, ugi sageda dados pengarum Almamater. Lampahipun para Punakawan, kalajengaken para wisudan. Ingkang angagem busana kaunggulaning busana ingkang endah ing warni pating galebyar, pating karelap sunare hangebaki salebeting sasana wisudha, mubyar sumunar kadya sesotya tinaretes kang kinarya rerengganing busana. Satemah, hanambahi kawibawanipun para wisudhan ingkang katingal sulistya ing warni wadanane sumunar. Lamun cinandra sirna sipating janma pindha sang hyang Bathara Kamajaya miwah Bathari Kamaratih mangejawantah. Para wisudawati sanadyanta beda dedeg, beda busana hananging dhasare bocah ayu ora mung waton kemayu tetepa saged dados pepujaning kulawarga ingkang samangke saged dadya tiyang ingkang minulya. Dhampyak-dhampyak jejer kalih para wisuda setunggal baka setunggal mijil saking papan palereman, kawistingal angagem busana ingkang gumebyar sarwa mubyar,endah asri raras kawuryan, mratandani wasising para siswa, kang bakal dadi panerusing bangsa. Para wisudhan pranyata dedege sarwa amantesi sembada genging sasira, saksolahe milangoni, lelewane sanajan rada isin nanging tetepa anuju prana. Para wisudhan salajengipun, kawistingal sampun rinengga-rengga sagunging kaendahan, katitik saking rerupen ingkang maneka warna, satemah handadosaken adi miwah asri peni ing pandulu. Sadaya kala wau sayekti mratandhani bilih sakalangkung ageng raos bombong bingahipun para wisudhan ingkang sampun rampung anggenipun gegladhen wonten kawah candradimuka. Para wisudhan samenika sedaya kawistingal sampun lumebet ing sasana wisudha, sampun samapta nindakaken acara wisudha dumugi paripurna. Ing pungkasaning atur, mugi-mugi para wisudan saged Kasembadan gegayuhanipun, jumbuh kaliyan pepinginanipun, sedaya sageda mulya gesangipun kalis ing rubeda nir baya nir ing sambekala. Hambok bilih Cekap semanten anggenipun kula paring cinandra, menawi wonten klinta-kintunipun atur, kula nyuwun gunging pangapunten. Nuwun

No comments:

Post a Comment

Materi Tembang Macapat