Tuesday 13 March 2018

Materi Omah Adat Jawa

Omah adat Jawa sing umum dikenal yaiku omah utawa umah sing duwé gaya arsitektur joglo, seliyané iku uga ana umah sing dibangun nganggo gaya arsitektur liya misalé: limas, dara gepak, joglo trajurmas uga bangunan liya umpamane sasono suko.

Umah adat Jawa sing isih lengkap lan nduwé nilai-nilai budaya Jawa yaiku sing nduwé 3 bagian bangunan, saka ngarep ana pendhapa sing diapi 2 bangunan liya sing radha cilik lan posisiné radha neng arepan bangunan pendhapa. Bagian tengah ana pringgitan lan bagian mburi dhéwé ana dalem.
Umah neng desa-desa lan penduduk biasa umumé bangunané tunggal lan dibangun nganggo gaya arsitektur dara gepak. Bangunan kuwi beda karo bangunan gaya saiki utawa asring diarani rumah minimalis. Wewanguna omah Joglo iku ana perangan-perangan kang wis gumathok, ing antarane:
1.      Pendhapa
Pendhapa iku bagian bangunan umah adat Jawa sing anane neng sisih paling ngarep. Bangunan iki biasane diarani pendhapa agung utawa pendhapa gedhe lan nduwe ukuran sing jembar banget, tanpa sekat, tanpa tembok utawa dinding uga tanpa lawang (pintu).
Pendhapa umume dibangun nganggo gaya arsitektur joglo trajumas. Pendhapa nduwe fungsi kanggo nerima tamu-tamu agung, pertemuan-pertemuan resmi, kanggo pagelaran kesenian uga upacara adat. Bangunan pendhapa iku ngandung makna sifat pradah, sifat iki antarane lapang dada, ramah tamah lan pemurah, uga mesthi isa lan siap nerima tamu. Makna liyane saka bangunan iki yaiku momot utawa sanggup nampung apa wae uga termasuk sanggup nampung lan ngatasi kabeh masalah sing timbul. Bangunan pendhapa ing jaman saiki isa ditemokake ana ing komplek-komplek kraton, kantor utama pemerentah (neng Jawa Tengah, Yogyakarta lan Jawa Timur) misale kantor Bupati utawa DPRD.
2.       Pringitan
Pringgitan iku bagéyan ruangan ing umah adat Jawa sing dunungé ana ing antara pendhapa lan dalem utama (Dalem Ageng). Pringgitan nduwèni kagunan kanggo nampa tamu, lan papan kanggo pagelaran wayang nalika ana gawé utawa hajatan. Ruang pringgitan iki uga bisa kanggo lenggahan ngénggar-énggar penggalih wayah sore
3.       Dalem ageng
Wujude persegi lan tinutup dening patang tembok ing patang sisine. Perangan iki minangka perangan kang paling penting lan baku ing wewangunan omah tradisional Jawa. Perangan dalem iku perangan kang digunakake kanggo kulawarga, mula asipat luwih tinutup. Ruwangan iki nudhuhake lamun urusan kulawarga iku dirembug kanthi bebarengan, lan wong liya ora kudu ngerti urusan pribadi kulawarga. Mula pribadine manungsa iku sejatine kudu bisa jaga kawibawane kulawarga, ora kena martakake kahanan kang ana ing sajroning kulawaga. Umpama ana perkara kang kudu dirembug, kudu dirembug kanthi musyawarah.

4.       Krobongan / sethong
Ruwangan kang istimewa ing sajroning omah Joglo, ing wiwitane piguna utama ruwangan iki sayane kanggo ngaso utawa turu kang duwe omah, yaiku kanggo nyimpen maneka werna pusaka lan iranti aji liyane. Kang duwe omah nalika nindhakake ngibadah ga katindakake ing ruwangan iki. Mula ing ruwangan iki dikantheni kasur, dhipan, bantal lan guling.

5.       Gandhok
Dhuweni kagunan kanggo masak lan kamar mandi. Mapane ana mburi dhewe ing sajroning omah. Senajan katon prasaja nanging perangan iki uga minangka perangan kang asipat pribadi lan dhuweni nilai luhur. Gandhok utawa pawon digunakake kanggo masak, dhahar lan adus. Nulad saka guna panggonane, mula dipapanake ana ing mburi, supaya wong liya ora ngerti nalika sing duwe omah resik dhiri lan dhahar. Bab iki nudhuhake yen manungsa iku duwe sipat gemi, setiti lan ngati-ati, tegese ora boros lan tansah njaga kapribaden kang siningit (tersembunyi).

No comments:

Post a Comment

Materi Tembang Macapat