Bocah desa
dening: Joko karyanto
Kaya
dene kabeh manungsa kang urip ing alam donya. kabeh mesti wae kepingin duweni
urip kang becik, miturut kekarepane. semono uga aku, uga kepingin duweni gawean
kang "asile" akeh, nanging uga halal. sabubare lulus SMA taun 2005
aku banjur daftar kuliah, sakjane wiwit cilik aku ora duwe pengangen-angen bisa
kuliah, kejaba kahanan wong tua sing pas-pasan, ana ing desaku ora ana sejarahe
cah kuliahan. sakjane aku kepengen dadi polisi kaya dene masku kang saiki tugas
ing Polda Mataram.
Nanging
bola-bali kahanan wong tua kang pas-pasan mau tak wurungke niatku kasebut.
nerusake kuliah iku uga ana syarate, yaiku ragat kuliah kang
murah, mula gelem ora gelem aku kudu klebu Universitas Negeri, amarga ragate
kang luwih murah tinimbang Universitas swasta. Banjur aku melu ujian mlebu kang
jaman semana kondange jeneng SPMB(seleksi penerimaan mahasiswa baru.
Mulane
jurusan kang tak pilih nomer siji yaiku ekonomi merga jaman SMA rada mletik
babagan pelajaran ekonomi, nanging kang lik'u aku malah diunek-uneke. jenenge
Warsono deweke wis dadi guru PNS, ing sawijining SMP ing daerahku. deweke
dangu....kowe ki jupuk jurusan ekonomi ki suk nak lulus arep nyambut gawe
apa?
lha....rumangsamu kowe ki anake pengusaha apa piye? bar
lulus isa nerusake usahane wong tua....
Aku mung meneng, senajan lara ati iki, pancen aku wonge
gampang nesu apa maneh nak gegayutan karo wong tua.
Aku ki
kalebu bocah kang ora tau dolan, dadi ora ngerti ngendi paran. Arep daftar ya
bingung banjur takon marang tukang kebon sekolahku. Jenenge mas Min.
Mas.....seumpami ajeng teng kampus Solo niki lewat pundi lan numpak bis napa?
Mas Min:"ya...kowe saka kene numpak bis Pusaka, banjur
mudun terminal terus numpak bis jurusan Melur...nanging aja nganti kleru numpak
lho...aja-aja kowe ngko kleru bis lewat mburi kampus. Numpako bis sing lewat
ngarep kampus yo...!"
Karo
rada wedi banjur aku mangkat lan numpak bis kaya dene kang dikandani Mas Min
mau. Senajan kalebu kutha gedhe nanging wong-wongane gampang tetulung kaya
padatan wong Jawa liya. Sidane aku teka ing kampus kang dituju.
Tekan ngarepan, aku bingung meneh....merga ambane papan
panggonan kasebut. Tanpa takon sapa-sapa aku mung mlaku melu wong-wong liya
kang ana kono, jaman semana isih akeh kang mlaku kaya aku. sidane teka tenan
ing kantor kang jenenge kantor Rektorat papan kanggo daftar. Uyel-uyelan karo
pendaftar liyane kang jumlahe mbuh....pira. Saking akehe ngasi ora keitung.
Karo nunggu pengumuman seleksi Administrasi saben dinane aku
mung neng ngomah, pisan pindho dolanan bal-balan utawa poli ing kampung.
Banjur
ana pengumuman wektu lan papan panggonan kanggo tes SPMB. Ndilalahe wae aku
entuk papan kang ora tak ngerteni meneh, tak goleki meneh karo ponakanku sing
jenenge Sugiyanto. Kebeneran wae bocahe ki senengange dolan. Jare jenenge
bis-bisan...hehe.
Jaman sekolah ponakanku iki senengane mbolos, lan dolan tekan
ngendi-ngendi. sekolah ing kutha pelajar nanging ngerti ngendi-ngendi kayata
Solo, Boyolali lsp.
nanging merga kuwi malah dadi berkah kanggo aku saka deweke
aku diterake papan panggonan kanggo tes SPMB. yen digagas ngono....merga
tumindak alane ponakanku aku bisa teka ing papan tes. hehe.....
Wektu
tes kang ditunggu wis teka, esuk-esuk aku wis digugah dening simboku.
le....le....ayo tangi ndang adus kana. lan dicepake apa kang dibutujke. banjur
aku tangi lan tumuju ing sumur timbang sebelah omah. Pancen nalika semana
keluargaku ora duwe sumur, dadi menawa adus utawa godog banyu, yo....kudu
ngangsu disik.
Simboku
kalebu wong tua kang tanggung jawab, senajan galak nanging piyambake arang
banget dukani anak-anake, mula yo dikulinani karo anak-anake. Beda karo bapak,
piyambake galak lan gelem nyabet. aku tau pisan disabet merga telat anggonku
adus sakdurunge mangkat sekolah.nanging senajan galak piyambake asline becik lan
gemati marang anak-anake.
Sawise adus lan dandan, aku banjur mangkat numpak bis.
lan teka ing papan tes disik dewe. pancen babagan mlebu sekolah aku kalebu
bocah sregep lan ora tau bolos sekolah. tekan kono ketemu karo wong Purworejo
jenenge Fajar, batinku Purworejo ki ngendi....ngono. Karo nunggu wektu tes aku
lan Fajar guneman ngalor-ngidul gayeng kae. Fajar wonge apikan lan uga duwe
unggah-ungguh kang becik, kuwi ketitik saka gunemane kang migunakake basa
Krama, semono uga aku saking kebiasaan neng ngomah basa karo wong tua, aku uga
kalebu bocah kang bisa basa krama.
Sawise
tes, aku lan Fajar banjur mulih lan salaman merga wong loro wis pada ngerti
patemon iki mung sepisan lan pungkasa. Ya...bener nganti seprene aku lan deweke
ora ketemu. Embuh sidane deweke ketampa apa ora aku ya....ora ngerti.
Pengumuman
kang ditunggu tumeka ing wektu. Pengumuman kasebut diumumake lewat koran lan
media online, gegandengan aku ki wong desa..lan ora ngerti apa kuwi internet.
Sidane aku tuku koran,rasa deg-deganku kaya dene wong bar mlayu adoh. Tak
goleki bola-bali tak urutke alon-alon. Nanging jeneng lan nomer ujianku ora ana
ing koran kasebut. Rasa deg-degan mau saya banter, kepriye iki nak ngasi ora
ketampa. Banjur arep neng ngendi? Nak nyambut gawe arep nyambut gawe apa. Nak
dadi nglamar polisi bapak ora duwe duit. Wis....saya mumet lan bingung pikiran
iki.
Kejaba lewat
koran lan internet pengumunan kasebut uga diumumake lewat koran utawa brosur
kang ditokake kantor SPMB. Banjur kanggo mestekake aku sidane mangkat neng
kutha tumeka ing kana aku langsung tumuju kantor kasebut, kang durung tak
mengerteni papan panggonane banjur takon karo pak satpam kang becik.
"Pak satpam badhe badhe tanglet, kantor SPMB pundi
nggih?"
"oh...mrika mas ngajengan nika nggih...." Kebeneran
wae panggonane ora adoh karo pos satpam.
Banjur matur karo petugase, "Pak....nyuwun pengumuman
SPMB"
"Iya...mas....ini" cekak anggone nyauri!
kanthi alon-alon lan deg-degan tak buka pengumuman
kasebut, tak goleki jeneng utawa nomer ujianku. eh....pancen wis kersane Gusti
Allah. Jenengku ana...tak genahke meneh, tak cocoke karo nomerku samarku nak
beda. kabeh pada karo identitasku. Kanthi rasa seneng lan sajak bingung
aku mulih, ing dalan pengumuman kasebut tak waca, kaya-kaya meh tak kandakake
karo kabeh penumpang kang ana ing bis.Nanging sabanjure kuwi aku ya....bingung.
Iki arep tak teruskake apa ora, amarga ngerteni kahanan wong tua kang pas-pasan
kaya mengkana, apa ya....isa ngragati kuliahku. Tekan ngomah banjur aku matur
karo simboku, lan jaluk piweling.
"mbok...niki kula ketampi kuliah, kinten-kinten
pripun dilajengke napa boten?
"tanpa mikir dawa simbok ngendika " ya....terusna
to...le, masalah ragad ben dipikir bapakmu"
"lha bapak mangkih purun boten?"
"ya...mestine gelem to...le" wangsulane simbok,
alon.
"wis...kowe rasah mikir bab kuwi, mengko lak isa"
bapak banjur kondur saking saben, lajeng dicanteni dening
simbok.
"pak....iki tole ki....ketampa kuliah ing negeri, lha
kira-kira diterusake apa ora? iki bocahe takon"
"weh....ketampa le...? lha kowe jupuk apa?
"nggih pak, kula mendhet basa Jawi, amargi niki sekolah
sederajat SMA pelajaran basa Jawa diwontenake, dados benjang mesti betahaken
guru kang katah" wangsulanku.
"Ywis....nak ngono, terusna kowe kuliahe, masalah ragad
ngko tak pikire karo mbokmu"
Kocape, aku ketampa ing Fakultas Sastra lan Senirupa salah sijining universitas
negeri kang kondang ing kutha Solo. aku jupuk jupusan sastra daerah utawa basa
jawa.sakjane ngono aku ki kalebu siswa kang ora mudeng babagan ngelmu jawa,
bisaku olahraga. nanging merga welinge guruku kang tak anggep guru becik lan
gemati marang aku disaranke milih jurusan kang gampang dileboni, salah sijini basa
jawa. kuliah alhamdulliah cukup lancar, tahun kapisan aku mangkat numpak bis,
sakbubare kuwi aku jaluk pit montor kang dadekake rasa gela tekan seprene,
merga mung mikirke senenge awak aku mikir kahanan wong tua kang
pas-pasan.Nanging kabeh mau bisa tak bayar, merga aku lulus rada cepet lan ora
mbeling kaya dene kahanan bocah jaman saiki.
No comments:
Post a Comment