Sunday 4 March 2018

MATERI IKLAN



Pariwara (Bahasa Jawa)
Pangertosan Pariwara / Iklan yaiku wujud sesambungan kang nduweni teges kanggo menehi greget tetuku, nawakake sawijining barang utawa tenaga, kanggo merbawani panemune wong akeh, narik payengkuyuning wong akeh amrih pikir lan tumindake laras karo kekarepe sing masang pariwara.
Iklan nduweni paugeran, yaiku:
1)   Iklan migunaake media massa kanggo masifikasi layang.
2)   Migunaake sponsor sing wes teridentifikasi.
3)   Nduweni sifat menehi informasi marang khalayak.
4)   Nduweni tujuan kanggo ngentokno audiens seakeh-akehe
Jenis jenise pariwara:
A.      Iklan sing nganggo dasar tujuan
1.    Pariwara Informatif
Pariwara informatif yaiku, pariwara kang nduweni paugeran :
a)         Nduweni tujuan mbentuk kesadaran lan pengetahuan bab produk utawa fitur-fitur saka produk kang wes ana.
b)        Njelasno cara kerja produk.
c)         Menehi infrmasi harga lan kemasan produk
d)        Ngoreksi produk
2.   Pariwara Persuasif
Pariwara persuasif nduweni paugeran,yaiku :
a)         Nduweni tujuan nyiptakno kesenengan, preferensi lan keyakinan, sahinggo konsumen arep tuku lan migunaake barang lan jasa.
 b)        Nganjurno khalayak milih merk tertentu.
c)         Nganjurno kalayak tuku.
d)        Ngubah persepsi konsumen.
e)         Mbujuk khalayak tuku saiki.
3.    Pariwara reminder
Pariwara reminder nduweni paugeran, yaiku :
a)         Nduweni tujuan ndorong konsumen tuku maneh barang lan jasa.
b)        Ngilingno konsumen tuku produk iku.
c)         Njaga kesadaran produk.
d)        Njalin hubungan apik karo kosumen.
B.       Pariwara umum
1.    Pariwara Tanggung Jawab Sosial
Pariwara tanggung jawab sosial, yaiku pariwara kang nduweni tujuan nyebarno pesan kang nduweni sifat informatif, penerangan, pendidikan supaya mbentuk sikap warga, sahinggo nduweni tanggung jawab marrang masalah sosial. Tuladha : pariwara anjuran, lan pariwara penggambaran sosial.
2.    Pariwara Bantahan
Pariwara bantahan yaiku Pariwara kang digunakake mbantah utawa nglawan isu kang nggawe rugi dan ndandani citrane wong, perusahaan utawa merek kang tercemar amarga informasi kang ora bener. Ciri khas pariwara iki yaiku ndheleh komunikator  gawe pihak kang teraniaya utawa digawe rugi pihak liya. Tujuan pariwara bantahan yaiku: ngilimisi pariwara kang ora bener lan ora nguntungno; nglurusno isu ing porsi kang bener, sesuai karo maksud perusahaan; mbangun simpati khalayak; mbangun opini publik menawa perusahaan ana ing posisi kang bener.
3.    Pariwara Pembelaan
Pariwara pembelaan yaiku ‘lawan’ saka pariwara bantahan. Tujuan saka pariwara iki yaiku supaya oleh simpati saka khalayak menawa perusahaan ana ing posisi kang bener. Tuldhane yaiku pariwara kang kaiket karo hak paten.
4.    Pariwara Perbaikan
Pariwara perbaikan yaiku pariwara kanggo mbenakno layang-layang  bab hal kang wes kahung keliru lan disebarake nganggo media. Istilah lain pariwara iki yaiku pariwara ralat utawa pariwara pembetulan. Pariwara iki nduweni tujuan kanggo ngralat informasi sing keliru, sahinggo publik tetep oleh informasi kang bener.
5.    Pariwara Keluarga
Pariwara keluarga yaiku iklan kang isi layang-layange  pemberitahuan saka pengiklan bab kedadiane peristiwa kekeluargaan marang keluarga/khalayak lainne. Pariwara keluarga biasane luwih akeh rupa pariwara kolom lan display, ora akeh nduweni isi ilustrasi gambar, lan luwih ngandalno layang tulis. Tuladhane yaiku Pariwara bab kematian, pernikahan, wisuda, lan liya-liyane
C.       Pariwara khusus
1.    Pariwara kang nganggo dasar media kang digunakake :
·   Pariwara Cetak yaiku pariwara kang digawe lan dipasang karo migunakake teknik cetak. Tuladhane, yaiku: Pariwara cetak surat kabar, pariwara cetak baliho, pariwara cetak poster, pariwara spanduk, lan liya-liyane.
·   Pariwara Elektronik yaiku pariwara kang dipasang ing media kaya radio, lan TV.
2.    Pariwara kang nganggo dasar tujuan iklan :
·Pariwara Komersial yaiku pariwara bisnis kang nduweni tujuan kanggo ngentokno keuntungan ekonomi. Pariwara komersial dibagi dadi telung jenis pariwara, yaiku pariwara kanggo konsumen, kanggo bisnis lan pariwara kanggo profesional.
·Pariwara Non Komersial yaiku pariwara kang digunakake kanggo nyampekake informasi, ndidik khalayak.
3.    Iklan kang nganggo dasar bidang isi layang :
o     Iklan Politik.
o     Iklan Pendidikan.
o     Iklan Kesehatan.
o     Iklan kecantikan lan perawatan tubuh.
o     Iklan Pariwisata.
o     Iklan hiburan.
o     Iklan Olah Raga.
o     Iklan Hukum.
o     Iklan Lowongan Pekerjaan / Recruitment.
o     Iklan Duka Cita.
o     Iklan Perkawinan.
o     Iklan panganan lan ombean.
o     Iklan Otomotif.
o     Iklan lingkungan Hidup.
o     Iklan Media.
4.    Iklan kang nganggo dasar komunikatore
o     Iklan Personal.
o     Iklan Keluarga.
o     Iklan Instusi.
5.    Iklan kang nganggo dasar cakupan
o     Iklan Lokal yaiku iklan kang cakupan khalayak sasaran kang dituju ana ing wilayah lokal, kayata pedesaan utawa perkotaan, utawa kabupaten.
o     Iklan Regional yaiku iklan kang cakupan khalayak luwih saka siji wilayah lokal.
o     Iklan Nasional yaiku iklan kang target konsumen ana ing kabeh wilayah negara.
o     Iklan Internasional yaiku iklan kang mbidik khalayak kang njangkau trans nasional utawa luwih saka siji negara.
6.    Iklan kang nganggo dasar fungsi
a)         Iklan Informasi yaiku iklan kang nitik beratke isi kanggo  informasi kanggo khalayak.
b)        Iklan Persuasi yaiku iklan kang nitik beratke ing upaya ngaruhi khalayak kanggo nglakokake penggawean.
c)         Iklan mendidik yaiku iklan kang nitik beratke ing tujuan ndidik khalayak, supaya khalayak ngerti lan nduwe pengetahuan.
d)        Iklan Parodi/Hiburan yaiku iklan kang digawe kanggo keperluan guyonan.
 

No comments:

Post a Comment

Materi Tembang Macapat