Monday 5 March 2018

Cerita Legenda Kota Simo

        Nalika Sultan Demak kuwasa ing Tanah Jawa, sawijining Bupati ana kang mbalela yaiku Bupati Pengging kang aran Kebo Kenanga. Wis pirang-pirang pisowanan ora gelem seba. Dene papan padunungane ana sawetane Gunung Merapi.
        Nuju dina pisowanan ing pendapa kratan Demak katon rame, kabeh pada wawan pangandikan. nanging kang ora ana namung Bupati Pengging, bab iki kang dadekake gayenge pasemonan watara bupati marang Raja Demak.Kabeh pada gayeng ngrembug Bupati Pengging kasebut, lagi pada meneng nalika Sultan miyos.
        Siji baka siji pada atur palaporan, pada ngunggulake kamakmurane papan padunungane dewe, kocape bareng ngrembung bupati Pengging Si Kebo Kenanga, swasanane dadi panas lan rame, jalaran saur manuk anggone matur ngarsane njeng Sultan, racake pada nutuh lan nuwuh pangigit-igit marang pakartine Kebo Kenongo.. banjur ana sing duwe panemu enggal dibrastha, ana sing nyuwun palilah nedya ngrangket Kebo Kenanga, ewasemana uga ana kang mrayogakake supaya ditakyinake luwih disik menyang Pengging, prelu mangerteni kekarepane Kebo Kenongo sing sabenere.
        Pungkasane rembug Njeng Sultan ngersakake tindak menyang Kadipaten Pengging. Sakjane wis ana sing ngelingake supaya dawuh utusan wae, nanging Njeng Sultan ora kersa, banjur jaluk sahabat lan prajurit supaya bisa dampingi piyambake.Wayah esuk umun-umun, Njeng Sultan sapendhereke wis wiwit mlebu alas. Saka gawate dikandakake alas kang gung liwang-liwung wingite kepati-pati, bebasan jalma mara jalma mati, sato mara sato mati. Kewan galak pating bilulang padha mlayu salang tunjang bisa gaw getere para pandhereke.
        Tindhake nrabas-nrabas, dalan dudu dalan ditoni, nlasak gegrumbulan ngliwati jurang trebis, eri bebandhotan datan dirasakake. ana kang awake karendhet-rendhet eri rembete, uga anakang sandhangane suwek kecanthol-canthol. saya suwe saya adoh, ngidul ngulon parane, Ndialalah kandheg lakune, jalaran kepalang sawijing Segaran. Banyune bening nyaraong alerab-lerab kaya banyu segara kang sapandele dohe.
        Sadurunge nyabrang, padha ngaso ana sangisore wit dhuwet kang ngrembuyung godhonge, kena kanggo pangiyuban. Wite ngetugur pengkoh saentosa lan pange pating crekakah kena kanggo gantungake pusaka awujud Bendhe. Ana kang leyeh-leyeh uga ana kang ninggalake papan kono, kepingin mangerteni kiwa tengene. Kajaba nambah pengalaman, njubriyani mbok menawa ana telik sandi saka Pengging kang bakal nggangu gawe.
        Ora let suwe ana kang wis bali, katon sajak kesusu banjur matur bilih ana sawijing pawongan kang Kesdik paningale, arane Kyai Singaprana. Kajaba iku uga ngaturi pirsa manut pelaporane telik sandi, bupati Pengging wis wani nandur wit ringin sakembaran ana satengahe alun-alun, gawe benteng kang kandel, gawe jugangan kang luwih jero, semono para kanoman pada wineleg jaya kawijayan plah kanuragan, kaprawiran sarta gladhen perang-perangan kanggo ngadhepi mungsuh yen sawayah-wayah teka.
        Banjur prajurit utawa sahabat kasebut matur bilih Njeng Sultan supados ngungkurake rumiyen tindhake dhateng Pengging.Ngrungokake ature para sahabat mau ndadekake penggalihan. Jroning batin mbenerake panemune. Istingarah bakal ngabulake panuwune Njeng Sultan nedya ngupadi papan dununge Kyai Singaprana. Njeng Sultan banjur budal migunakake busana sarwa ireng, nyangking glempa lan tekenan. Kaya dene wong Sudra (Pengemis) dene para sahabat ora diparengake ndherek. Nanging pada ngawat-awati saka kadohan.
         Tumeka sawetane ppapan kang dituju, takon omahe Kyai Singaprana, sawuse antuk wangsulan njur nerusake lakune manut pituduhe wong kang ditakoni. Kebeneran wayahe Kyai Singaprana mulih saka pategalan, dadi bisa kepethuk adu arep dhewe.
      " Dub Kyai, pangapunten kula tiyang boten gadah Kyai, nyuwun sodakoh tedho sakeparingipun Kyai," unine wong sudra sawuse uluk salam lan mbolan-mbaleni tembunge. Ora let suwe Nyai Singaprana metu.
      " Liyane wae pak! wong Kyaine ya lagi kondur saka tegal, dadi ya durung dhahar," pangetake Nyai Singaprana.
      "Boten Nyai, tiyang wiwit enjing julo dereng nedha Nyai, Inggih sakeparengipun, Nyai," wangsulane wong sudra karo ngathungake tangane.
      "Wong dikandhani ko"nekar!" tembunge Nyai Singaprana karo nyenthak-nyenthak.
krungu unine sing wadon, Kyai Singaprana murungake anggone arep dhahar. Menyat saka palungguhane nyedhaki sing lagi padha regejegan. Weruh anggone ngumun-umun wong sudra, Kyai Singaprana nuli prentah enggal menehi, Nyai Singaprana ora enggal tumandang, malah wena-werna tembunge kang ora kepenak dirungokake.
        Bareng Kyai Singaprana ngungak njaba, weruh wong sudra mau, njur ndomblong, kaget kaya wong kamisosolen. Banjur ndaya-ndya nyepeng tangane wong sudra kuwi mau perlune dijak lungguh ing kursi, nanging sing dijak puguh ora gelem.
        "Kyai, sampeyan niku pripun? Ana wong ngemis ko'malah dijak lungguh kursi!" unine Nyai Singaprana karo idu kecah-kecuh.
        "Nyai, kowe ki wis menenga! Aku ki ki ana kene sunuyudan dening wong akeh, kanggo patuladhan. Lha yen kowe ora gelem ngowahi patrapmu, mbesuk yen kowe mati ora bakal amor aku, aku ki ora ngajak wong ngemis, ananging ngaturi Ratu Gung Binthara!" unine Kyai Singaprana kanthi ati kang regu.
        Midhanget tembunge Kyai Singaprana, njeng Sultan kaget penggalihe. Jroning penggalih ngalembana kawaskithane Kyai Singaprana, mula banjur kersa dijak lungguh ing kursi.
       "Mangke rumiyin Kyai, niki genahe pripun kok ana tembung Ratu?" panlesihe Nyai Singaprana.
       " Wis ta Nyai, kowe enggal nyuwuna pangapura! iki sejatine dudu wong ngemis, ananging Njeng Sultan Demak Bintara!" wangsulane Kyai Singaprana.
        Krungu wangsulane sing lanang, Nyai Singaprana banjur ribo bleg angaras pepadaning Njeng Sultan nyuwun pangapura kaluputane, lan ngetuni kabeh tumindake karo nangis sesegukan. Njeng Sultan uga paring pangapura, njur ndawuhi supaya bekti karo sing lanang. Sawuse diparingi pangapura Nyai Singaprana ngaturi Njeng Sultan lenggah kanthi sakeca, nuli pamit menyang pepungkuran.
          "Dhuh njeng Sultan ngaturaken sugeng rawuhipun, nunten dalem sewu lepat nyuwun genging pangaksama. Mengku wigatos menapa teka sagedipun paduka tumindhak mekaten?" ature Kyai Singaprana.
           " Ya Kyai, antuk pamujimu padha kelsametan. Anggonku anamu laku supaya ora dijubriyani wong akeh. ya waleh-waleh apa tekaku kene, silaturahmi tilik keslametan swarga, ana perlu kang wigati. Ingsun sapendherek kang tak tinggal ing wetan kana, nedya menyang Pengging.
          "Lajeng mengku kersa ingkang kados pundi?" Panyelane Kyai Singaprana
           " Yo kuwi, si Kebo Kenanga ki wus pirang-pirang pisowanan ora katon seba. Saka kersane ingsun bakal sun Todhi, kepriye mungguh kekarepane Kebo Kenanga. Yen nganti ora gelem manut pranatan, yen budi bakal sun sembadani, bonggo bakal tak rampungi. Aku nedha pamawasmu, anggonku bakal menyang Pengging kira-kira antuk gawe apa ora?
           "O...dados mekaten to kersanipun,"Kyai Singaprana banjur meneng sedela, ngeningake cipta, wanter panuwune mring hyang widi nyuwun pirsa bab babaring lakon kang bakal tumeka.
           "Dhuh Njeng Sultan saking pamawas kula pados mboten badhe pikantuk damel, karana wekdal menika Kebo Kenanga nembe jinunjung dewanipun."
           "O....dadi ngono. Yen ngono kowe ngremehake Ratu. Ngertia Kyai, senadyan Bupati Pengging degdaya dikaya ngapa, bebasan pintera njara langit, datan tedas tapak palune pandhe, sisane gurendra, panjenengan ingsung datan gigrik rikmane salamba, wani tandhing tiyasa mungsuh kalawan Si Kebo Kenanga." Ngendikane Njeng Sultan sajak ngempet kanepson.
"Lho....sampun ngantos lajeng klentupnampi. Dalem namung matur menapa saleresipun, lha menawi ta boten pitados, mangga mangke sapengkeripun saking mriki, Kyai Bendhe panjenengan tabuh. Mangkih menawi boten mungel badhea kadosa pundi badhe asor juritipun."
          Rampung anggone wawan pangandika, Njeng Sultan nuli pamitan. Sahabat kang angrantu ana sacedake weruh kledange Njeng Sultan ndaya-ndaya. Marepeki perlu nungsung pawarta. Njeng Sultan suka katerangan menawi Kyai Singaprana pancen bener kesdik paningale, kawaskitane prasasat wali sanga. Para sahabat kedhawuhan nyekseni yen papan dununge Kyai Singaprana dijenenke desa : "WALEN."
        Ngetan sithik tindake Njeng Sultan nuli kendel, maringi pirsa yen papan kono mau anggone takon omahe Kyai Singaprana, wangsulane kang ditakoni." Mang ngilen." Mulo Njeng Sultan ngendika menawa papan kono iku mbesuk yen dadi desa dijenengake desa:" MANGLEN."
Sakiwa tengene dalan akeh para among tani pada makarya, weruh Njeng Sultan kang angagem busana sarwa ireng kaanggep nganeh-anehi. Rembugane kang pating clebung semune ngina lan nyemino, ananging uga ana kang ngelekake unine: Ben to ten!"
         Midhanget swara mau Njeng Sultan nuli kendel ndhawuhi para sahabat nyekseni papan panggonane wong sing ngelingake kang ana sisih wetan yen dadi desa dijenengake desa :"KLEBEN." Sing ana kulone desa. "SAMBIROTO." Dene sing sisih elor kulon dijenengake desa:" JATEN."
Sawise nerusake laku, kepethuk wong-wong pating regudug nyegati dalan, gawe kagete para sahabat, ngira ana begal kang bakal ngganggu gawe. Nuli padha pasang kuda-kuda niyate bakal diadhepi, bareng diwaspadaake jebul para Manggala kang sumusul nguwatirake kasungengane Njeng Sultan.
Njeng Sultan banjur ndhawuhi para sahabat supaya nyekseni, menawa mbesuk dadi desa papan kono dijengake desa: " MANGGAL." Para sahabat manthuk-manthuk nyendikani.
          Durung pati adoh lakune kepethuk wong padha kerengan, gelut, udreng-udreng lan banting-bantingan. Sawise ditamatake jebul para prajurit pandhereka uga sumusul, sinambi angrantu rawuhe Njeng Sultan njur padha gladhen perang-perangan utawa pertempuran. Dening Njeng Sultan papan kono mau lamun dadi desa dijengake desa: "TEMPURAN."
           Ngetan sithik lakune wis teka gisiking kali. Ananging kasebdhu wayah, jalaran wektune sholat bebarengan. Rampung anggone sholat Njeng Sultan paring pangandikan yen papan kono menawa dadi desa dijenengake desa: "NDUWAYAH."
            Njeng Sultan nuli nerusake laku, kepengin enggal teka in papan palereman sapinggie Segaran, saking cepete lakune pindhane watu kang sinawatak, kasurung natal penggalihe enggal nabuh bendhe kaya piwelinge Kyai Singaprana.
            Tumeka papan kono kang dituju Njeng Sultan ndaya-ndaya nabuh bendhe. Ditabuh sepisan ora muni, kaping pindho uga ora muni, sing kaping telu panabuhe rada dirosani, wusanane gelem muni, amung unine ora kaya swarane bendhe, ananging mbengung banter swarane gumontang keprungu saka kadohan, let sedhela para sahabat teka, apting regudug kanthi caya kang pucet, tangane ndredeg wel-welan semu keweden. Padha matur yen krungu swara Sima mbaung. Suwarane banter nggegirisi, mula padha mlayu salang tunjang jalaran saka wedine.
            "He,para sahabat padha ngertiya iki mau dudu swarane macan utawa sima,ananging swarane pusaka bendhe kang mentas wae sun tabuh. Mula padha seksenana besuk yen ana rejane jaman, alas ing kene iki menawa dadi desa, sun paringi jeneng desa:"SIMO." ngendikane Njeng Sultan, Para pandhereke nyendikani kanthi ati gumun lan ngungun.
             Wusanane kersane Njeng Sultan sapandhereke murungake anggone menyang Kadipaten Pengging, banjur bali menyang Demak Bintara, sateruse liya wektu amung utusan anggone menyang Pengging.
Desa Simo saya suwe saya reja, dadi kutha kang rame. Tilas paleremane Njeng Sultan sapandhereke dibangun gedhung madhep mangidul, ndisik kanggo kantor kawedanan, saiki kanggo kantor Kecamatan.
Kapetik saka: :"BUKU DUMADINE KUTHO SIMO"
dening Sumarno, 16 Nopember 2009

No comments:

Post a Comment

Materi Tembang Macapat