Tuesday 27 February 2018

Cerkak : PEMILU ING DESA



Pemilu Ing desa
Dening: Joko Karyanto
Reformasi kang kedadean ing Indonesia dadekake pemilihan pemimpin ing pemerintahan dianakake kanthi pilihan langsung. Semono uga pilihan kaur utawa perangkat desa ing desane Pak Wanto.  Nanging bedane, menawa pilkades utawa pilpres kabeh warga bisa milih. Pilihan kaur iki sing bisa milih namung tertamtu kayata RT, tokoh masyarakat lan sakpiturute ing desa kasebut. Pak Wanto kang dadi RT ing dukuhe uga duwe hak pilih. Wektu kuwi kang maju ing pilihan jagone ana loro, siji jenenge Sulas dheweke sakdukuh karo pak Wanto, jago nomer loro jenenge Yayuk kang isih sedulur karo pak Wanto. Lhah....kahanan kaya mengkene iki kang dadekake bingung ing pikire pak Wanto, siji tanggane lan siji maneh sedulure. Mulane pak Wanto rembugan karo bojone lan mutusake yen dheweke pilih netral ora dukung salah sijine, lha menawa bab pilihan dheweke wis madhep mantep milih tanggane. Merga pikire dheweke urip neng desa gotong royong, tulung tetulung karo tanggane lan kuwi wargane, dadi ya kudu disengkuyung.
Nanging dheweke ora arep kanthi langsung duduhake dukungane marang Sulas, merga kanggo jagani perasaane marang Yayuk sedulure. Dina genti dina lumaku ora ana kabar apa-apa, nganti tumeka  jago loro  jaluk dukungan, pak rt isane mung paring pangestu karo lelorone ora wani kanthi langsung ngomong  dukung salah sijine. Dumadakan ana kabar  saka  aslah sijine ader kang dukung Sulas, dheweke ngomong karo Sulas menawa pak Wanto iku sedulure Yayuk jago sijine, dadi pak Wanto mesti bae dukung utawa milih Yayuk. Krungu kabar kaya mengkono Sulas lan bojone dadi muntab, dheweke rumangsa diblenjani RT’ne. Pak Wanto sing ngerti kahanan kaya mengkono isane namung meneng lan sareh. Nanging Sulas lan bojone kaya-kaya ora trima, dheweke banjur ngomong, gawe wara-wara marang warga sak dukuh. Warga knag ngerti kabar kasebbut dadi melu muntab merga umangsa duwe RT kang ora nyengkuyung wargane. Sulas kang didukung karo Yanto kang ngakune duwe kanca pejabat lan bisa golekake bantuan menyang penerintah. Karo warga Yanto pancen dipercaya bisa golekake bantuan.  Ing sawijining wengi dheweke ngumpulake warga dukuh, Yanto ngomong menawa pak Wanto isa ora isa kudu diganti nak ora dheweke ora bakal gelem golekake bantuan maneh. Warga kang wis kehasut lan keweden anane mung sarwa manut. Nanging gegandengan jenenge pak Wanto wis kecatet ing hak pilih, wektu kuwi dheweke ora isa diganti. Warga kang ora ngeri dodok selehe banjur padha ngucilake pak Wanto lan keluarga. Ngerti kahanan kaya mengkono Yayuk rumangsa entuk kasempatan oleh  dukungan, dheweke banjur marani pak Wanto lan jaluk dukungan. Pak Wanto rembugan maneh karo bojone , dheweke rumangsa kegelan lan jenenge wis dielek-elek karo Sulas lan bojone, kamongko dheweke ora polah apa-apa. Saking kegelane dheweke banjur ngalihake pilihan marang Yayuk kejaba luwih duwe pendidikan, merga Yayuk lulusan Sarjana lan Sulas namung SMA, dheweke mikir mengko mburine mesti bakal isa mimpin warga. Dina genti dina pak Wanto saya ora digaple marang wargane ora ana sing ngandani, apa maneh nakoni dodok selehe. Warga kaya-kaya ngetokake, karepe pak Wanto mono warga diajak rembugan lan digoleki putusan kang becik. Nanging ora ana warga kang gelem, pak Wanto namung pasrah karo kahananne  pikire sing penting dheweke ora tumindak kang nyalahi wong liya. Dheweke mung pengen nyambut gawe nyukupi kebutuhane keluarga.
Dina kang ditunggu Sulas lan Yauk teka, dina pilihan kasebut kabeh warga kang duwe hak pilih padha teka menyang TPS. Semono ugga pak WANTO, wektu mlebu TPS pak Wanto isih bingung arep milih endi, pikire menawa arep Sulas naging dheweke  wis gae  prekara kang mirang-mirangake, ora milih ko’ y wargane. Pungkasane pak Wanto namung meneng  lan ora ana sing ngerti dheweke milih apa ora, bojone y ora ngerti. Wektu  duduhake jam 13.00 awan pilihan wis rampung lan kudu dietung kasile. Olehe swara antarane jago loro imbang saka wiwitan terus gonta-ganti kang sinebut jenenge, tumeka swara kurang siji kasile imbang. Kertu swara keri dhewe banjur dijupuk petugas, swara iki kang nemtoke sapa sing bakal menang, kabeh wong kang nonton padha deg-degan semono uga Sulas lan Yayuk kaya-kaya donya wis arep jugrug. Petugas banjur bukak lan kanthi pengati-ati macakake jenenge kang ana ing kertu swara kasebut. Kang disebut ndilalah jenenge Yayuk, sontak kabeh kang dukung Yayuk padha sujud syukur merga jagone menang. Pak Wanto kang ngerti kabar kasebut namung meneng tanpa polah ngapa-ngapa. Sulas kang kalah banjur mulih kanthi rasa ati kang kegelan kanthi banget, dheweke kalah sak swara. Tumeka ngomah rasa kegelan kasebut krasa nganti pirang-pirang dina, dheweke banjur nyalahake pak Wanto kang rumangsa ora dukung. Warga kang ngerti Sulas kalah kaya-kaya dadi muntab, gething kang wis sumanding dadi tambah kandel. Pak  Wanto lan keluarga tambah saya digething, lan pungkasane pak Wanto diganti dadi RT. Ing penggalih pak Wanto nrima ora dadi RT, nanging dheweke isih durung bisa trima menawa disalahake merga saka tumindak kang ora dilakokake.

No comments:

Post a Comment

Materi Tembang Macapat