Monday 26 February 2018

Kesenian Wayang

Sawijining kabudayan adiluhung kang ana ing tanah Jawa. Wayang ora namung kanggo sarana panglipur tumrap bebrayang agung, nanging wayang uga duweni teges kang bisa gambarake kahanan donya. Wiwit kahanan manungsa utawa paraga liya kang ana ing donya. Nanging sadurunge mlebu ing bab wayang, luwih becik ngrembug babagan piranti utawa alat kang kudu ana ing seni Pewayangan. Kang baku wayang iku gambaran saka urip manungsa ing alam donya.

A. PAWONGAN ING SENI PEWAYANGAN

1. Dalang Yaiku pawongan kang nglakokake wayang. Ing pewayangan dalan duweni kagunan kang awrat banget. Swara, polah lan kepriye nasib sajroning wayang katemtokake dening Dalang. Ibarat gusti kang damel gesang, dalang dhuweni kuwasa nglakokake nasibe wayang (manungsa).

2. Pengrawit/ Wiyaga/ Wirapradangga yaiku pawongan kang nglakokake gamelan. Gamelan ing kene duweni kagunan kanggo ngiringi pewayangan. Swara kang muni saka saperangan gamelan nuduhake kahanan donya kang maneka werna. Kadang kala rame utawa gayeng nanging kadang kala uga nyenyet kepara deduka. Dadi gamelan ing kene ora namung kanggo sarana ngregengake pewayangan. Nanging uga nglambangake kahanan donya kang maneka werna.

3. Sinden/ Swarawati yaiku Pawongan kang nembagake Lelagon. Kayadene gamelan, swara kang ditembangake dening Sinden kudu bisa madakake karo kahanan crita wayang. Dadi gayeng lan orane wayang uga bisa katemtokake dening Sinden. Dadi sinden uga kudu dhuweni fisik kang sae, amarga cara lungguhe beda karo Wiraga utawa Dalang. Ing jaman saiki seni pewayangan asring ketambahan saka seni liya nanging isih sakrumpun. kajaba sinden asring uga ketambahan kang jenenge Dagelan (dhuweni kagunan kanggo ngregengake wayang kanthi cara lucu) utawa Penyanyi. Penyanyi ing kene biasa dhuweni genre (jinis seni musik) biasane dangdut utawa campursari.

B. PIRANTI SENI PEWAYANGAN


1. Wayang yaiku Pralambang MANUNGSA. Sawijing boneka kang digawe saka kulit kewan (kanggo wayang purwa/kulit). Gegandengan jinising wayang iku akeh, ing bab iki kang dirembug yaiku wayang kulit. Kayadene manungsa, wayang uga dhuweni watak kang maneka werna ana kang becik lan ana kang ala. Ing babon crita Mahabharata paraga wayang kang dhuweni watak kang becik yaiku kaluarga PANDAWA. Banjur kang dhuweni watak ala yaiku Kaluarga KURAWA.


2. Kelir yaiku pralambang LANGIT. Wujude kain putih nganggo lis werna cemeng utawa uga bisa abrit, Kang dijereng dhuweni kagunan kanggo papan panggonan nglakokake wayang. Kanggo wong kang durung ngerti, biasane nalika nonton wayang mapan ing ngarep kelir utawa mburi para Wiraga. Wayang iku dhuweni teges ayang-ayang utawa BAYANGAN mula sing ditonton iku bayangan saka wayang, mula sing bener mapane nalika nonton wayang yaiku ing mburi kelir.



3. Debog yaitu pralambang Donya (Bumi) wujude yaiku gembung gedang kang mapane ing ngarep kelir, dhuweni kagunan kanggo mapanake wayang (tempat hidup manunsia). Debog kang digunakake biasane saka jinis gedang Raja pipit. Kang dhuweni wujud gedhe lan dawa. Debog kang dadi gambarane donya, senajan bola-bali ditancepi wayang nganti rusak, nanging debog tetep bisa digunakake kanggo mapanake wayang. Kahanan iki memper Donya kang wis dirusak dening manungsa, dijupuk minyak bumine, dibanguni wewangunan nganti kahanan donya dadi panas. nanging tetep bisa dipanggoni dening manungsa lan isih bisa ngasilake sakabehe kebutuhane manungsa.

4. Blencong yaiku pralambang Srengenge (Matahari). Wujude lampu sorot kang ukurane sedengan nanging sorot kang metu bisa ngebaki sakabehe kelir, wayang lang debog. Malah kepara sorote Blencong bisa ngenani papan kanggo Pewayangan. Ing jaman biyen Blencong digawe saka tembaga kang gunakake sumbu lan minyak klapa (Senthir).


5. Kotak pralambang Sangkan Paran, ateges manungsa urip ing donya bisa antuk rejeki saka papan ngendi wae anut kersanipun Gusti Allah. Wujude kotak gedhe kanggo mapanake wayang. kotak ing kene uga didhuweni kagunan kanggo dalang nalika dodog yaiku menehi aba-aba kanggo pengiring lan nggambarake swasana.

6. Keprak pralambang LAKUNE GETIH. Wujude lempengan wesi utawa prunggu kang dipapanake ing sacedake kotak uga dhuweni kangunan kanggo menehi aba-aba kanggo pengiring lan nggambarake swasana. Swarane Cek-cek-cek kaya banyu nalika ditutuk. Bab iki pertanda bilih nalika getih isih mili tegese manungsa isih gesang / urip.

7. Cempala prelambang JANTUNG. Wujude dawa lan duweni ndas-ndasan bunder memper Jantung. Duweni kagunan kanggo dodog Kotak. Nah....saka swara dog..dog iki mretandake swara jatung manungsa.  

8. Gamelan prelambang KEBUTUHANE Manungsa. Wujud kang maneka werna lan swara kang beda iki dadi tanda menawa kebutuhane manungsa iku beda-beda. Ing tanah JAWA gamelan bisa kaperang dari laras pelog lan slendro. Lan duweni kagunan kanggo ngiringi Pewayangan.

Kuwi mau namung saperangan tuladha piranti kang ana ing seni pewayangan, isih akeh piranti liya kang dibutuhake kanggo ngregengake kabudayan iki. kayata Sound sistem, panggung lan sapiturute.


No comments:

Post a Comment

Materi Tembang Macapat