Wednesday, 14 March 2018
Panyandra Kanggo Wisuda Siswa
Bismillahirrahmannirrahim assalamualikum wr.wb
Dhumateng para tamu ingkang dhahat kinurmatan, keparenga kula badhe ngaturaken atur panyandra dhumateng para wisuda.
Binarung swaraning ketawang ibu pertiwi, kawistingal jengkaring para wisudan saking wisma palereman ingkang dipun pandegani dening putri ayu cacah kalih, padha ayune, padha dedege, padha busanane. Kawistingal tumapaking lampah katon edah, anut wiramaning gendhing. Estining penggalih Jroning lumaksana tansah nengenaken pengati-ati, jroning batos mugi saged kinarya dadya tepa palupining para wisudan anggenipun lelumban ing bebrayan agung. Sawurinipun wonten priya cacah sekawan kawastanan kemawon PUNAKAWAN, kanthi lampah alon lan nengenake pengati-ati runtut saking ingkang sepuh inggih punika BAPA SEMAR (saking tembung nengsemake rasa, ateges Semar minangka dados pangarsaning lampah tansah nengenaken solah bawa ingkang prasaja lan wicaksana) Salajengipun wonten GARENG (saking tembung datan gagap swareng batos, ateges sanadyanta gareng menika kirang cetha anggenipun micara, namung tansah nengenaken swareng batos ingkang suci supados mboten adamel cuwaning penggalihipun liyan). Kasambung dening PETRUK (kepenak tansah rukun lan sayuk, ateges raosipun manah menika tansah resik saking sesuker dados wontenipun tansah rukun lan sayuk dhumateng liyan). Pungkasan wonten BAGONG (Bakoh golongipun, ateges sanadyanta panggenanipun wonten wingking namung tansah sayuk lan jumurung kersanipun para minulya saengga sedaya sedya saged kajangka kanthi sekeca).
Para Punakawan ingkang dipun pandhegani dening titisanipun sang Hyang Ismaya nun inggih Semar tumurun saking Suralaya tumuju ngarcapada saperlu paring pangestu saha wahyuning kamulyan dhumateng para wisudan. Mugi kalis ing sukerta sageda dados lare ingkang minulya, bekti dhateng tiyang sepuh nira, miguna tumrap nusa lan bangsa, ugi sageda dados pengarum Almamater.
Lampahipun para Punakawan, kalajengaken para wisudan. Ingkang angagem busana kaunggulaning busana ingkang endah ing warni pating galebyar, pating karelap sunare hangebaki salebeting sasana wisudha, mubyar sumunar kadya sesotya tinaretes kang kinarya rerengganing busana. Satemah, hanambahi kawibawanipun para wisudhan ingkang katingal sulistya ing warni wadanane sumunar. Lamun cinandra sirna sipating janma pindha sang hyang Bathara Kamajaya miwah Bathari Kamaratih mangejawantah.
Para wisudawati sanadyanta beda dedeg, beda busana hananging dhasare bocah ayu ora mung waton kemayu tetepa saged dados pepujaning kulawarga ingkang samangke saged dadya tiyang ingkang minulya. Dhampyak-dhampyak jejer kalih para wisuda setunggal baka setunggal mijil saking papan palereman, kawistingal angagem busana ingkang gumebyar sarwa mubyar,endah asri raras kawuryan, mratandani wasising para siswa, kang bakal dadi panerusing bangsa. Para wisudhan pranyata dedege sarwa amantesi sembada genging sasira, saksolahe milangoni, lelewane sanajan rada isin nanging tetepa anuju prana.
Para wisudhan salajengipun, kawistingal sampun rinengga-rengga sagunging kaendahan, katitik saking rerupen ingkang maneka warna, satemah handadosaken adi miwah asri peni ing pandulu. Sadaya kala wau sayekti mratandhani bilih sakalangkung ageng raos bombong bingahipun para wisudhan ingkang sampun rampung anggenipun gegladhen wonten kawah candradimuka.
Para wisudhan samenika sedaya kawistingal sampun lumebet ing sasana wisudha, sampun samapta nindakaken acara wisudha dumugi paripurna. Ing pungkasaning atur, mugi-mugi para wisudan saged Kasembadan gegayuhanipun, jumbuh kaliyan pepinginanipun, sedaya sageda mulya gesangipun kalis ing rubeda nir baya nir ing sambekala.
Hambok bilih Cekap semanten anggenipun kula paring cinandra, menawi wonten klinta-kintunipun atur, kula nyuwun gunging pangapunten. Nuwun
Tuesday, 13 March 2018
Materi Omah Adat Jawa
Omah
adat Jawa sing umum dikenal yaiku omah utawa umah sing duwé gaya arsitektur
joglo, seliyané iku uga ana umah sing
dibangun nganggo gaya arsitektur
liya misalé: limas, dara gepak, joglo trajurmas uga bangunan liya umpamane
sasono suko.
Umah neng desa-desa lan penduduk
biasa umumé bangunané tunggal lan dibangun nganggo gaya arsitektur dara gepak.
Bangunan kuwi beda karo bangunan gaya saiki utawa asring diarani rumah minimalis. Wewanguna omah Joglo iku ana perangan-perangan kang wis
gumathok, ing antarane:
1.
Pendhapa
Pendhapa iku bagian bangunan umah adat Jawa sing anane neng sisih
paling ngarep. Bangunan iki biasane diarani pendhapa
agung utawa pendhapa gedhe lan nduwe ukuran sing jembar banget, tanpa sekat,
tanpa tembok utawa dinding uga tanpa lawang (pintu).
Pendhapa umume dibangun
nganggo gaya arsitektur joglo
trajumas. Pendhapa
nduwe fungsi kanggo nerima tamu-tamu agung, pertemuan-pertemuan resmi, kanggo
pagelaran kesenian uga upacara adat. Bangunan pendhapa iku
ngandung makna sifat pradah, sifat iki antarane lapang dada, ramah tamah lan
pemurah, uga mesthi isa lan siap nerima tamu. Makna liyane saka bangunan iki
yaiku momot utawa sanggup nampung apa wae uga termasuk sanggup nampung lan
ngatasi kabeh masalah sing timbul. Bangunan
pendhapa ing jaman saiki isa ditemokake ana ing komplek-komplek kraton, kantor utama pemerentah (neng Jawa Tengah, Yogyakarta lan Jawa Timur) misale kantor Bupati utawa
DPRD.
2.
Pringitan
Pringgitan
iku bagéyan ruangan ing umah
adat Jawa sing dunungé ana ing antara pendhapa
lan dalem utama (Dalem Ageng). Pringgitan nduwèni
kagunan kanggo nampa tamu, lan papan kanggo pagelaran wayang
nalika ana gawé utawa hajatan. Ruang pringgitan iki uga bisa kanggo lenggahan
ngénggar-énggar penggalih wayah sore
3.
Dalem ageng
Wujude persegi lan tinutup
dening patang tembok ing patang sisine. Perangan iki minangka perangan kang
paling penting lan baku ing wewangunan omah tradisional Jawa. Perangan dalem
iku perangan kang digunakake kanggo kulawarga, mula asipat luwih tinutup.
Ruwangan iki nudhuhake lamun urusan kulawarga iku dirembug kanthi bebarengan,
lan wong liya ora kudu ngerti urusan pribadi kulawarga. Mula pribadine manungsa
iku sejatine kudu bisa jaga kawibawane kulawarga, ora kena martakake kahanan
kang ana ing sajroning kulawaga. Umpama ana perkara kang kudu dirembug, kudu
dirembug kanthi musyawarah.
4.
Krobongan / sethong
Ruwangan kang istimewa ing sajroning omah Joglo, ing
wiwitane piguna utama ruwangan iki sayane kanggo ngaso utawa turu kang duwe
omah, yaiku kanggo nyimpen maneka werna pusaka lan iranti aji liyane. Kang duwe
omah nalika nindhakake ngibadah ga katindakake ing ruwangan iki. Mula ing
ruwangan iki dikantheni kasur, dhipan, bantal lan guling.
5.
Gandhok
Dhuweni kagunan kanggo masak
lan kamar mandi. Mapane ana mburi
dhewe ing sajroning omah. Senajan katon prasaja nanging perangan iki uga
minangka perangan kang asipat pribadi lan dhuweni nilai luhur. Gandhok utawa
pawon digunakake kanggo masak, dhahar lan adus. Nulad saka guna panggonane,
mula dipapanake ana ing mburi, supaya wong liya ora ngerti nalika sing duwe
omah resik dhiri lan dhahar. Bab iki nudhuhake yen manungsa iku duwe sipat
gemi, setiti lan ngati-ati, tegese ora boros lan tansah njaga kapribaden kang
siningit (tersembunyi).
Monday, 12 March 2018
LATIHAN SOAL USBN BAHASA JAWA
1.Pilihen
salah siji wangsulan kang kok anggep paling bener kanthi menehi tandha ping (X)
a, b, c, d, utawa e, ana ing lembar jawaban!
1.
Tembang “Mijil” (laras slendro pt. Sanga)
Dedalane guna lawan sekti
Kudu andhap ashor
Wani ngalah luhur wekasane
Tumungkula yen dipun dukani
Bapang den simpangi
Ana catur mungkur
Guru wilangan lan guru lagu saka tembang kasebut
a. 10i,
6o,
10e, 10i, 6i, 6u
b. 8u,
8i, 8a, 8i, 8a, 8i
c. 7u,
10u, 12i, 8u, 8a
d.
8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
e. 12u,
8i, 8u, 8i, 8a
2. Tembang macapat mijil duweni watak….
a.
Galak, sereng, sembrana
b.
prihatos,
grapyak lan seneng
c.
grapyak,
luwes, seneng
d.
prihatos, pangajab, asih lan sedih
e.
semangat
lan sembrana
3. Tembang macapat Asmaradana duweni
watak grapyak, gembira nanging sedih. Tembang iku nggambarake…..
a. masa cilik
b.
masa
tua
c.
masa
puput yuswa
d.
masa
muda
e.
masa
sepuh
4. Budi
pekerti iku cakupane ana 4 werna, antarane...
a. Dhaharan,
solah tingkah, guneman, lan ageman
b. Guneman,
ageman, dandanan, lan solah tingkah
c. Guneman,
suguhan, pekareman, lan ageman
d. Solah
tingkah, dandanan, ageman, lan kalenggahan
e. Dandanan,
solah tingkah, suguhan, lan ageman
5. Susastra
kang kaiket dening guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra sinebut...
a. Cangkriman
b. Gancaran
c. Parikan
d. Geguritan
e.
Macapat
6. Pak
guru akeh-akeh anggone nuturi siswane, nanging ora digugu babar pisan.
Paribasane...
a. Diwenehi
ati ngrogoh rempela
b. Gedhe
dhuwur ora pangur
c. Lambe
satumang kari samerang
d. Idhep-idhep
nandur pari jero
e. Jalma
limpat seprapat tamat
7. Tembang
macapat kalebu....
a. Tembang
cilik
b. Tembang
gedhe
c. Gending
macapat
d. Dolanan
e. Ura-ura
macapat
8. Ukara
iki sing kalebu wangsalan yaiku...
a. Tuku
tahu numpak sekuter, sregep sinau dadi pinter
b. Kembang
suruh, aja drengesan marang wong tuwa iku.
c. Sapa
jujur bakal mujur
d. Ciri
wanci Illahi ginawa mati
e. Isi
sawo iku apa jenenge
9. Geguritan
iku saka tembung gurit kang
ateges...
a. Tembang
b. Tembung
c. Ukara
d. Cerita
e. Tulis
10. Sardi
kae ora mambu entong irus karo aku
wae gelem ngewangi, kowe sing adhiku malah gur thenguk-thenguk. Ukara sing
dikandeli ing dhuwur tegese...
a. Ora
teteg atine
b. Wong
asor nanging sugih
c. Dikon
nyambut gawe abot
d. Dudu
sanak dudu kadang
e. Wong
lanang kang jiri
11. Panyandra
kang cocok kanggo nyandra “Gulu“ yaiku....
a.
nanggal sepisan
b.
nawon kemit
c.
ngelung gadhung
d.
mbibis mabur
e.
manggis karengat
12. “Anak
polah bapa kepradah“. Paribasan iku duweni teges....
a.
anak polah bapake melu polah
b.
wong
tua melu repot amarga tumindake anak
c.
wong
tua melu seneng amarga tumindake anak
d.
wong
tua melu-melu kabeh tumindake anak
e.
wong
tua manut wong enom
13. ! @ # Aksara
Murda kasebut unine...
a. Na,
Ka, Ta
b. Ka,
Ta, Na
c. Sa,
Ka, Na
d. Na,
Ta, Ka
e. Ta,
Sa, Pa
14. Basa
ngoko lugu digunakake ing ngisor iki, kajaba....
a. Wong
tuwa marang anake
b. Guru
marang muride
c. Pimpinan
marang andhahan
d. Wong
tuwa marang sing luwih enom
e. Wong
enom marang wong tuwa
15. Ing
ngisor iki ukara kang polane K-J-W-L, yaiku....
a. Awan
mau aku mulih
b. Esuk
mau dik lisa ora mlebu sekolah
c. Pakdhe
tindak Jakarta karo simbah
d. Ibu
tindak menyang pasar
e. Ani
sinau ana kamar
16. Tembang
pangkur iku ana....gatra.
a. 10
b. 5
c. 8
d. 7
e. 6
17. Wanara
kang ngewaki Prabu Rama perang ing Ngalengka, yaiku...
a. Kumbakarna
b. Anoman
c. Dasamuka
d. Prabu
rama
e. Gunawan
Wibisana
18. Watake
adigang, adigung, adiguna, dadi leletheking jagad, yaiku...
a. Prabu
Rama
b. Gunawan
Wibisana
c. Anuman
d. Kumbakarna
e. Dasamuka
19. Pawarta
katulis mawa basa Jawa kababar mung kalamangsa wae (ora saben dina) yaiku...
a. Kalawarti
b. Tabloid
c. Ariwarti
d. Koran
e. Majalah
20. Yen
nata kursi ki mbok yo sing pener, ora malang...kaya ngunu kui.
a. Gumanti
b. Megung
c. Mutung
d. Giring
e. Mosik
21. Le,
esuk-esuk kok wis mutra bebek...iku nggoleki apa? Tembung kang cocog kanggo
nyampurnakake wangsalan mau yaiku...
a. Bola-bali
b. Mrana-mrene
c. Mloka-mlaku
d. Wira-wiri
e. Kekiter
22. Folklore
asale saka tembung folk lan lore. Tegese yaiku....
a.
cerita lan tokoh
b.
kolektif (rakyat) lan tradisi
c.
tradisi lan rakyat
d.
cerita lan legenda
e.
dongeng lan legenda
23. Para paraga ana ing sajroning
drama utawa sandiwara kaperang dadi pirang-pirang werna, salah sawijining yaiku
antagonis kang nduweni teges….
a.
paraga
geganep
b.
paraga
kang duweni watak ala
c.
paraga
utama
d.
para
kang duweni watak becik
e.
paraga
penengah
24. Dene
omongan wong tunggal sajroning sandiwara uga diarani....
a.
prolog
b. bloking
c. dialog
d. monolog
e. epilog
25. Unen-unen
rong ukara kang ngemu purwakanthi, ukara kapisan minangka sampiran, ukara
kapindho minangka isine diarani...
a. Wangsalan
b. Bebasan
c. Sengkalan
d. Paribasan
e. Parikan
26. Kula
dipun..arta dening simbah, tembang kang kanggo nggenepi pratelan mau, yaiku...
a. Paringi
b. Aturi
c. Caosi
d. Sukani
e. Timbali
27. “Prayogane
kowe kandha bae, Pak“. Tembung iku menawa dikramake.....
a.
prayogane sampeyan ngendika kemawon, Pak
b.
prayoginipun panjenengan ngomong, Pak
c.
prayoganipun sampeyan ngomong, Pak
d.
prayoganipun panjenengan ngendika, Pak
e.
prayoginipun panjenengan ngendika kemawon, Pak
28. Andi koe bocah sugih, pinter, lan
bagus ananging ora duwe tatakrama babar pisan. Ing
tataran paribasan arane gedhe dhuwur ora
pangur , yen ditulis aksara jawa dadi ...
a.
?ge[dduwu/
[aorpzu/.
b.
?ge[dduwu/
[aorp=zu/.
c.
?gededuwu/
[aorpzu/.
d.
?[gdeduwu/
[aorpzu/.
e.
?[g[dduwu/
[aorpzu/.
29. Wacana
sing nyritakake kadadeyan, kaya-kaya nyekseni dhewe kadadheyan mau arane....
a. Eksposisi
b. Cerkak
c. Narasi
d. Argumentasi
e. Persuasi
30. Paragraf
kang duweni ukara baku manggon ana ing ngarep kasusul ukara panjlentreh diarani
pragraf.....
a.
Induktif
b. Deduktif
c. Penjlentreh
d. Campuran
e. Utama
31. Paragraf
kang ukara utamane ana sisih mburi yaiku....
a.
Induktif
b.
Deduktif
c.
Penjlentreh
d.
Campuran
e.
Utama
32. Mbah
wirya kae pancen wis sepuh banget, yuswane udakara 90 taunan. Udakara tegese...
a. Katon
b. Umure
c. Anake
d. Laire
e. Kira-kira
33. Perangan
kang kudu digatekake nalika maca teknik, kajaba....
a. Pocapan
b. Jedha
c. Lagu/intonasi
d. Sikap
nadan
e. Suara
lirih
34. ?[y[nZo[mo=aikuz=[goww[tonHj ....... [zo[mo=.
a.
w[ton\
b.
m[ton\
c.
[zo[mo=
d.
Aj[zo[mo=
e.
slh
5. ?t=gl\ .....
aikusumPhpemud. Genepana tulisan kasebut ...
a.
;21;[mI
b.
;17;A1ustus\
c.
;28;O[kTobe/
d.
;28;[d[smeB/
e.
;28;Ap]il\
36. Tembang
macapat kang kanggo pralambang yen manungsa iku wiwitane lahir yaiku....
a. Mijil
b. Sinom
c. Pangkur
d. Asmarandan
e. Pocung
37. Tujuane
wong maca iku warna-warna, kayata ing ngisor, kajaba....
a. Mangerteni
sarine wacan
b. Gladhen
maca kang cepet
c. Kanggo
golek kabar kang anyar
d. Kanggo
penglipur sing sedhih lan sumpek
e. Kanggo
patut-patut supaya ketok sregep
38. Tembung
kang isih murni, utawa durung oleh tambahan apa-apa arane...
a. Tembung
rangkep
b. Tembung
andhahan
c. Tembung
lingga
d. Tembung
camboran
e. Tembung
aran
39. Kang
kalebu dwilingga salin swara, kajaba....
a. Muna-muni
b. Alun-alun
c. Mrana-mrene
d. Mesam-mesem
e. Bola-bali
40. Ken
Arok punika tilas durjana, pramila kawulanipun sami ajrih. Tembung sing paling
trep kanggo negesi durjana yaiku...
a. Prajurit
b. Santri
c. Rampok
d. Kyai
e. Seniman
41. Kang
mujudake bangunan pokok ing seni bangunan Jawa, kaperang dadi .....
A. 4
B. 5
C. 6
D. 7
E. 8
42. Kang
kalebu utawa nudhuhake bangunan pokok ing seni bangunan Jawa....
A. Panggange-pe,
Kampung, Joglo, Tajuk
B. Pendhapa,
Kampung, Joglo, Tajuk
C. Pringgitan,
Kampung, Joglo, Tajuk
D. Senthong
kiwa, Kampung, Joglo, Tajuk
E. Senthong
tengen, Kampung, Joglo, Tajuk
43. Tajuk
utawa Mesjid kang mujudake sawijining bangunan pokok ing omah Jawa dhuweni
teges.......
A. Bangunan
kang gunakake payon
B. Bangunan
kanthi payon 2
C. Bangunan
kanthi soko guru payon 4 sisih
D. Bangunan
kanthi payon 4 sisih
E. Bangunan
kanthi soko guru payon 4
44. Bangunan
kang mapane ana mburi dhewe, kang digunakake kanggo masak lan bab-bab kang
asipat pribadi.....
A. Gandhok
B. Pringgitan
C. Dalem
agung
D. Krobongan
E. Pendhapa
45. Bangunan
kang mapane ing sisih kiwa adoh saka Pendhapa.....
A. Gedhongan
B. Kandhang
C. Kombong
utawa Sarong
D. Pawon
E. Gandhok
46. Ing
ngisor iki kang kalebu Dasanama Dalem
ageng....
A. Omah
njero, omah mburi
B. Omah
gedhe, omah krobongan
C. Krobongan,
senthong
D. Senthong
kiwa, senthong tengen
E.
Emperan, Krobongan

47. Saka
gambar ing dhuwur kang nudhuhake Pedhapa yaiku nomer.......
A. 1
B. 2
C. 3
D. a
E. c
48. Nomer
2 (loro) saka gambar ing dhuwur dhuweni kagunan........
A. Kanggo
kamar kulawarga
B. Ruang
kumpul kulawarga
C. Kanggo
olah-olah
D. Kanggo
nindhakake aktivitas kang asipat formal
E. Kanggo
nyambetake Pendhapa karo Omah jero
49. Cacahe
Senthong kang ana ing sajroning bangunan adat jawa bisa kaperang.....
A. 1
B. 2
C. 3
D. 4
E. 5
50. Senthong
Tengah uga asring diarani......
A. Krobongan,
pedaringan
B. Pringgitan
C. Cagak
utama
D. Pawon
E. Gedhongan
II.
Wansulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep!
1. Jlentrehna tegese tembang macapat
kanthi trep!
2. Sebutna guru lagu, wilangan lan
guru gatra sajroning tembang Maskumambang!
3. Sebutna jinising
tatacara (methode) nalika nindhakake sesorah?
4. Jlentrehna
tegese Alur ing sajroning karya sastra
kanthi trep!
5.
bp[kPolhankeKp]fh au[nnHu[nnHikujmnSemnpdfiae=[gomr=[w=ojw,
k=[goprsisWbbHikuwjibFigugu.
Ukara ing dhuwur salinana nganggo huruf
latin kanthi trep!
Subscribe to:
Posts (Atom)
-
Pariwara (Bahasa Jawa) Pangertosan Pariwara / Iklan yaiku wujud sesambungan kang nduweni teges kanggo menehi greget tetuku, nawakake ...
-
Bismillahirrahmannirrahim assalamualikum wr.wb Dhumateng para tamu ingkang dhahat kinurmatan, keparenga kula badhe ngaturaken atur panyandra...
-
Omah adat Jawa sing umum dikenal yaiku omah utawa umah sing duwé gaya arsitektur joglo , seliyané iku uga ana umah sing dibangun nganggo ...