Wednesday 14 March 2018

Panyandra Kanggo Wisuda Siswa

Bismillahirrahmannirrahim assalamualikum wr.wb Dhumateng para tamu ingkang dhahat kinurmatan, keparenga kula badhe ngaturaken atur panyandra dhumateng para wisuda. Binarung swaraning ketawang ibu pertiwi, kawistingal jengkaring para wisudan saking wisma palereman ingkang dipun pandegani dening putri ayu cacah kalih, padha ayune, padha dedege, padha busanane. Kawistingal tumapaking lampah katon edah, anut wiramaning gendhing. Estining penggalih Jroning lumaksana tansah nengenaken pengati-ati, jroning batos mugi saged kinarya dadya tepa palupining para wisudan anggenipun lelumban ing bebrayan agung. Sawurinipun wonten priya cacah sekawan kawastanan kemawon PUNAKAWAN, kanthi lampah alon lan nengenake pengati-ati runtut saking ingkang sepuh inggih punika BAPA SEMAR (saking tembung nengsemake rasa, ateges Semar minangka dados pangarsaning lampah tansah nengenaken solah bawa ingkang prasaja lan wicaksana) Salajengipun wonten GARENG (saking tembung datan gagap swareng batos, ateges sanadyanta gareng menika kirang cetha anggenipun micara, namung tansah nengenaken swareng batos ingkang suci supados mboten adamel cuwaning penggalihipun liyan). Kasambung dening PETRUK (kepenak tansah rukun lan sayuk, ateges raosipun manah menika tansah resik saking sesuker dados wontenipun tansah rukun lan sayuk dhumateng liyan). Pungkasan wonten BAGONG (Bakoh golongipun, ateges sanadyanta panggenanipun wonten wingking namung tansah sayuk lan jumurung kersanipun para minulya saengga sedaya sedya saged kajangka kanthi sekeca). Para Punakawan ingkang dipun pandhegani dening titisanipun sang Hyang Ismaya nun inggih Semar tumurun saking Suralaya tumuju ngarcapada saperlu paring pangestu saha wahyuning kamulyan dhumateng para wisudan. Mugi kalis ing sukerta sageda dados lare ingkang minulya, bekti dhateng tiyang sepuh nira, miguna tumrap nusa lan bangsa, ugi sageda dados pengarum Almamater. Lampahipun para Punakawan, kalajengaken para wisudan. Ingkang angagem busana kaunggulaning busana ingkang endah ing warni pating galebyar, pating karelap sunare hangebaki salebeting sasana wisudha, mubyar sumunar kadya sesotya tinaretes kang kinarya rerengganing busana. Satemah, hanambahi kawibawanipun para wisudhan ingkang katingal sulistya ing warni wadanane sumunar. Lamun cinandra sirna sipating janma pindha sang hyang Bathara Kamajaya miwah Bathari Kamaratih mangejawantah. Para wisudawati sanadyanta beda dedeg, beda busana hananging dhasare bocah ayu ora mung waton kemayu tetepa saged dados pepujaning kulawarga ingkang samangke saged dadya tiyang ingkang minulya. Dhampyak-dhampyak jejer kalih para wisuda setunggal baka setunggal mijil saking papan palereman, kawistingal angagem busana ingkang gumebyar sarwa mubyar,endah asri raras kawuryan, mratandani wasising para siswa, kang bakal dadi panerusing bangsa. Para wisudhan pranyata dedege sarwa amantesi sembada genging sasira, saksolahe milangoni, lelewane sanajan rada isin nanging tetepa anuju prana. Para wisudhan salajengipun, kawistingal sampun rinengga-rengga sagunging kaendahan, katitik saking rerupen ingkang maneka warna, satemah handadosaken adi miwah asri peni ing pandulu. Sadaya kala wau sayekti mratandhani bilih sakalangkung ageng raos bombong bingahipun para wisudhan ingkang sampun rampung anggenipun gegladhen wonten kawah candradimuka. Para wisudhan samenika sedaya kawistingal sampun lumebet ing sasana wisudha, sampun samapta nindakaken acara wisudha dumugi paripurna. Ing pungkasaning atur, mugi-mugi para wisudan saged Kasembadan gegayuhanipun, jumbuh kaliyan pepinginanipun, sedaya sageda mulya gesangipun kalis ing rubeda nir baya nir ing sambekala. Hambok bilih Cekap semanten anggenipun kula paring cinandra, menawi wonten klinta-kintunipun atur, kula nyuwun gunging pangapunten. Nuwun

Materi Tembang Macapat Pangkur

MATERI SESORAH

Tuesday 13 March 2018

Materi Omah Adat Jawa

Omah adat Jawa sing umum dikenal yaiku omah utawa umah sing duwé gaya arsitektur joglo, seliyané iku uga ana umah sing dibangun nganggo gaya arsitektur liya misalé: limas, dara gepak, joglo trajurmas uga bangunan liya umpamane sasono suko.

Umah adat Jawa sing isih lengkap lan nduwé nilai-nilai budaya Jawa yaiku sing nduwé 3 bagian bangunan, saka ngarep ana pendhapa sing diapi 2 bangunan liya sing radha cilik lan posisiné radha neng arepan bangunan pendhapa. Bagian tengah ana pringgitan lan bagian mburi dhéwé ana dalem.
Umah neng desa-desa lan penduduk biasa umumé bangunané tunggal lan dibangun nganggo gaya arsitektur dara gepak. Bangunan kuwi beda karo bangunan gaya saiki utawa asring diarani rumah minimalis. Wewanguna omah Joglo iku ana perangan-perangan kang wis gumathok, ing antarane:
1.      Pendhapa
Pendhapa iku bagian bangunan umah adat Jawa sing anane neng sisih paling ngarep. Bangunan iki biasane diarani pendhapa agung utawa pendhapa gedhe lan nduwe ukuran sing jembar banget, tanpa sekat, tanpa tembok utawa dinding uga tanpa lawang (pintu).
Pendhapa umume dibangun nganggo gaya arsitektur joglo trajumas. Pendhapa nduwe fungsi kanggo nerima tamu-tamu agung, pertemuan-pertemuan resmi, kanggo pagelaran kesenian uga upacara adat. Bangunan pendhapa iku ngandung makna sifat pradah, sifat iki antarane lapang dada, ramah tamah lan pemurah, uga mesthi isa lan siap nerima tamu. Makna liyane saka bangunan iki yaiku momot utawa sanggup nampung apa wae uga termasuk sanggup nampung lan ngatasi kabeh masalah sing timbul. Bangunan pendhapa ing jaman saiki isa ditemokake ana ing komplek-komplek kraton, kantor utama pemerentah (neng Jawa Tengah, Yogyakarta lan Jawa Timur) misale kantor Bupati utawa DPRD.
2.       Pringitan
Pringgitan iku bagéyan ruangan ing umah adat Jawa sing dunungé ana ing antara pendhapa lan dalem utama (Dalem Ageng). Pringgitan nduwèni kagunan kanggo nampa tamu, lan papan kanggo pagelaran wayang nalika ana gawé utawa hajatan. Ruang pringgitan iki uga bisa kanggo lenggahan ngénggar-énggar penggalih wayah sore
3.       Dalem ageng
Wujude persegi lan tinutup dening patang tembok ing patang sisine. Perangan iki minangka perangan kang paling penting lan baku ing wewangunan omah tradisional Jawa. Perangan dalem iku perangan kang digunakake kanggo kulawarga, mula asipat luwih tinutup. Ruwangan iki nudhuhake lamun urusan kulawarga iku dirembug kanthi bebarengan, lan wong liya ora kudu ngerti urusan pribadi kulawarga. Mula pribadine manungsa iku sejatine kudu bisa jaga kawibawane kulawarga, ora kena martakake kahanan kang ana ing sajroning kulawaga. Umpama ana perkara kang kudu dirembug, kudu dirembug kanthi musyawarah.

4.       Krobongan / sethong
Ruwangan kang istimewa ing sajroning omah Joglo, ing wiwitane piguna utama ruwangan iki sayane kanggo ngaso utawa turu kang duwe omah, yaiku kanggo nyimpen maneka werna pusaka lan iranti aji liyane. Kang duwe omah nalika nindhakake ngibadah ga katindakake ing ruwangan iki. Mula ing ruwangan iki dikantheni kasur, dhipan, bantal lan guling.

5.       Gandhok
Dhuweni kagunan kanggo masak lan kamar mandi. Mapane ana mburi dhewe ing sajroning omah. Senajan katon prasaja nanging perangan iki uga minangka perangan kang asipat pribadi lan dhuweni nilai luhur. Gandhok utawa pawon digunakake kanggo masak, dhahar lan adus. Nulad saka guna panggonane, mula dipapanake ana ing mburi, supaya wong liya ora ngerti nalika sing duwe omah resik dhiri lan dhahar. Bab iki nudhuhake yen manungsa iku duwe sipat gemi, setiti lan ngati-ati, tegese ora boros lan tansah njaga kapribaden kang siningit (tersembunyi).

Materi Unggah-Ungguh Basa Jawa

Mengenal Tata Upacara Pengantin Adat Jawa

Monday 12 March 2018

LATIHAN SOAL USBN BAHASA JAWA



1.Pilihen salah siji wangsulan kang kok anggep paling bener kanthi menehi tandha ping (X) a, b, c, d, utawa e, ana ing lembar jawaban!

1.   Tembang “Mijil”  (laras slendro pt. Sanga)
Dedalane guna lawan sekti
Kudu andhap ashor
Wani ngalah luhur wekasane
Tumungkula yen dipun dukani
Bapang den simpangi
Ana catur mungkur
          Guru wilangan lan guru lagu saka tembang kasebut


a.     10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
b.    8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
c.     7u, 10u, 12i, 8u, 8a
d.   8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
e.    12u, 8i, 8u, 8i, 8a

2.   Tembang macapat mijil duweni watak….

a.    Galak, sereng, sembrana
b.    prihatos, grapyak lan seneng
c.    grapyak, luwes, seneng
d.    prihatos, pangajab, asih lan sedih
e.    semangat lan sembrana
 3.   Tembang macapat Asmaradana duweni watak grapyak, gembira nanging sedih. Tembang iku nggambarake…..

a.    masa cilik
b.    masa tua
c.    masa puput yuswa
d.    masa muda
e.    masa sepuh


4.   Budi pekerti iku cakupane ana 4 werna, antarane...
a.     Dhaharan, solah tingkah, guneman, lan ageman
b.    Guneman, ageman, dandanan, lan solah tingkah
c.     Guneman, suguhan, pekareman, lan ageman
d.    Solah tingkah, dandanan, ageman, lan kalenggahan
e.     Dandanan, solah tingkah, suguhan, lan ageman
 5.   Susastra kang kaiket dening guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra sinebut...

a.     Cangkriman
b.    Gancaran
c.     Parikan
 d.    Geguritan
e.     Macapat

6.   Pak guru akeh-akeh anggone nuturi siswane, nanging ora digugu babar pisan. Paribasane...


a.     Diwenehi ati ngrogoh rempela
b.    Gedhe dhuwur ora pangur
c.     Lambe satumang kari samerang
 d.    Idhep-idhep nandur pari jero
e.     Jalma limpat seprapat tamat

7.   Tembang macapat kalebu....

a.     Tembang cilik
b.    Tembang gedhe
c.     Gending macapat
 d.    Dolanan
e.     Ura-ura macapat

8.   Ukara iki sing kalebu wangsalan yaiku...
a.     Tuku tahu numpak sekuter, sregep sinau dadi pinter
b.    Kembang suruh, aja drengesan marang wong tuwa iku.
c.     Sapa jujur bakal mujur
d.    Ciri wanci Illahi ginawa mati
e.     Isi sawo iku apa jenenge
9.   Geguritan iku saka tembung gurit kang ateges...

a.    Tembang
b.    Tembung
c.    Ukara
 d.    Cerita
e.    Tulis

    10.  Sardi kae ora mambu entong irus karo aku wae gelem ngewangi, kowe sing adhiku malah           gur  thenguk-thenguk. Ukara sing dikandeli ing dhuwur tegese...

a.    Ora teteg atine
b.    Wong asor nanging sugih
c.    Dikon nyambut gawe abot
 d.    Dudu sanak dudu kadang
e.    Wong lanang kang jiri

     11.  Panyandra kang cocok kanggo nyandra “Gulu“ yaiku....

a.    nanggal sepisan
b.    nawon kemit
c.    ngelung gadhung
  d.    mbibis mabur
e.    manggis karengat

  12.  “Anak polah bapa kepradah“. Paribasan iku duweni teges....
a.    anak polah bapake melu polah
b.    wong tua melu repot amarga tumindake anak
c.    wong tua melu seneng amarga tumindake anak
d.    wong tua melu-melu kabeh tumindake anak
e.    wong tua manut wong enom
  13.  ! @ # Aksara Murda kasebut unine...

a.    Na, Ka, Ta
b.    Ka, Ta, Na
c.    Sa, Ka, Na
  d.    Na, Ta, Ka
e.    Ta, Sa, Pa


  14.  Basa ngoko lugu digunakake ing ngisor iki, kajaba....
a.    Wong tuwa marang anake
b.    Guru marang muride
c.    Pimpinan marang andhahan
d.    Wong tuwa marang sing luwih enom
e.    Wong enom marang wong tuwa
  15.  Ing ngisor iki ukara kang polane K-J-W-L, yaiku....
a.    Awan mau aku mulih
b.    Esuk mau dik lisa ora mlebu sekolah
c.    Pakdhe tindak Jakarta karo simbah
d.    Ibu tindak menyang pasar
e.    Ani sinau ana kamar
   16.  Tembang pangkur iku ana....gatra.

a.    10
b.    5
c.    8
 d.    7
e.    6


    17.  Wanara kang ngewaki Prabu Rama perang ing Ngalengka, yaiku...

a.    Kumbakarna
b.    Anoman
c.    Dasamuka
 d.    Prabu rama
e.    Gunawan Wibisana

   18.  Watake adigang, adigung, adiguna, dadi leletheking jagad, yaiku...

a.    Prabu Rama
b.    Gunawan Wibisana
c.    Anuman
d.    Kumbakarna
e.    Dasamuka

   19.  Pawarta katulis mawa basa Jawa kababar mung kalamangsa wae (ora saben dina) yaiku...

a.    Kalawarti
b.    Tabloid
c.    Ariwarti
 d.    Koran
e.    Majalah

    20.  Yen nata kursi ki mbok yo sing pener, ora malang...kaya ngunu kui.

a.    Gumanti
b.    Megung
c.    Mutung
d.    Giring
e.    Mosik

  21.  Le, esuk-esuk kok wis mutra bebek...iku nggoleki apa? Tembung kang cocog kanggo nyampurnakake wangsalan mau yaiku...

a.    Bola-bali
b.    Mrana-mrene
c.    Mloka-mlaku
 d.    Wira-wiri
e.    Kekiter

   22.  Folklore asale saka tembung folk lan lore. Tegese yaiku....

a.    cerita lan tokoh
b.    kolektif (rakyat) lan tradisi
c.    tradisi lan rakyat
 d.    cerita lan legenda
e.    dongeng lan legenda

  23.  Para paraga ana ing sajroning drama utawa sandiwara kaperang dadi pirang-pirang werna, salah sawijining yaiku antagonis kang nduweni teges….

a.    paraga geganep
b.    paraga kang duweni watak ala
c.    paraga utama
d.    para kang duweni watak becik
e.    paraga penengah

   24.  Dene omongan wong tunggal sajroning sandiwara uga diarani....

a.    prolog
b.    bloking
c.    dialog
 d.    monolog
e.    epilog

  25.  Unen-unen rong ukara kang ngemu purwakanthi, ukara kapisan minangka sampiran, ukara kapindho minangka isine diarani...

a.    Wangsalan
b.    Bebasan
c.    Sengkalan
 d.    Paribasan
e.    Parikan

   26.  Kula dipun..arta dening simbah, tembang kang kanggo nggenepi pratelan mau, yaiku...

a.    Paringi
b.    Aturi
c.    Caosi
d.    Sukani
e.    Timbali

   27.  “Prayogane kowe kandha bae, Pak“. Tembung iku menawa dikramake.....
a.    prayogane sampeyan ngendika kemawon, Pak
b.    prayoginipun panjenengan ngomong, Pak
c.    prayoganipun sampeyan ngomong, Pak
d.    prayoganipun panjenengan ngendika, Pak
e.    prayoginipun panjenengan ngendika kemawon, Pak
   28.  Andi koe bocah sugih, pinter, lan bagus ananging ora duwe tatakrama babar pisan. Ing tataran paribasan arane gedhe dhuwur ora pangur , yen ditulis aksara jawa dadi ...
a.     ?ge[dduwu/ [aorpzu/.
b.    ?ge[dduwu/ [aorp=zu/.
c.    ?gededuwu/ [aorpzu/.
d.    ?[gdeduwu/ [aorpzu/.
e.    ?[g[dduwu/ [aorpzu/.
    29.  Wacana sing nyritakake kadadeyan, kaya-kaya nyekseni dhewe kadadheyan mau arane....

a.    Eksposisi
b.    Cerkak
c.    Narasi
d.    Argumentasi
e.    Persuasi

   30.  Paragraf kang duweni ukara baku manggon ana ing ngarep kasusul ukara panjlentreh diarani pragraf.....

a.    Induktif
b.    Deduktif
c.    Penjlentreh
 d.    Campuran
e.    Utama

  31.  Paragraf kang ukara utamane ana sisih mburi yaiku....

a.    Induktif
b.    Deduktif
c.    Penjlentreh
d.    Campuran
e.    Utama

   32.  Mbah wirya kae pancen wis sepuh banget, yuswane udakara 90 taunan. Udakara tegese...

a.    Katon
b.    Umure
c.    Anake
d.    Laire
e.    Kira-kira

   33.  Perangan kang kudu digatekake nalika maca teknik, kajaba....

a.    Pocapan
b.    Jedha
c.    Lagu/intonasi
d.    Sikap nadan
e.    Suara lirih


    34.  ?[y[nZo[mo=aikuz=[goww[tonHj ....... [zo[mo=.

a.    w[ton\
b.    m[ton\
c.    [zo[mo=
 d.    Aj[zo[mo=
e.    slh
     5.  ?t=gl\ ..... aikusumPhpemud. Genepana tulisan kasebut ...

a.    ;21;[mI
b.    ;17;A1ustus\
c.    ;28;O[kTobe/
d.    ;28;[d[smeB/
e.    ;28;Ap]il\


  36.  Tembang macapat kang kanggo pralambang yen manungsa iku wiwitane lahir yaiku....

a.    Mijil
b.    Sinom
c.    Pangkur
d.    Asmarandan
e.    Pocung

   37.  Tujuane wong maca iku warna-warna, kayata ing ngisor, kajaba....
a.    Mangerteni sarine wacan
b.    Gladhen maca kang cepet
c.    Kanggo golek kabar kang anyar
d.    Kanggo penglipur sing sedhih lan sumpek
e.    Kanggo patut-patut supaya ketok sregep
  38.  Tembung kang isih murni, utawa durung oleh tambahan apa-apa arane...

a.    Tembung rangkep
b.    Tembung andhahan
c.    Tembung lingga
 d.    Tembung camboran
e.    Tembung aran

   39.  Kang kalebu dwilingga salin swara, kajaba....

a.    Muna-muni
b.    Alun-alun
c.    Mrana-mrene
d.    Mesam-mesem
e.    Bola-bali


     40.  Ken Arok punika tilas durjana, pramila kawulanipun sami ajrih. Tembung sing paling trep kanggo negesi durjana yaiku...

a.    Prajurit
b.    Santri
c.    Rampok
d.    Kyai
e.    Seniman

      41.   Kang mujudake bangunan pokok ing seni bangunan Jawa, kaperang dadi .....
A.      4
B.      5
C.      6
D.      7
E.       8
     42.   Kang kalebu utawa nudhuhake bangunan pokok ing seni bangunan Jawa....
A.      Panggange-pe, Kampung, Joglo, Tajuk
B.      Pendhapa, Kampung, Joglo, Tajuk
C.      Pringgitan, Kampung, Joglo, Tajuk
D.      Senthong kiwa, Kampung, Joglo, Tajuk
E.       Senthong tengen, Kampung, Joglo, Tajuk
     43.   Tajuk utawa Mesjid kang mujudake sawijining bangunan pokok ing omah Jawa dhuweni teges.......
A.      Bangunan kang gunakake payon
B.      Bangunan kanthi payon 2
C.      Bangunan kanthi soko guru payon 4 sisih
D.      Bangunan kanthi payon 4 sisih
E.       Bangunan kanthi soko guru payon 4
    44.   Bangunan kang mapane ana mburi dhewe, kang digunakake kanggo masak lan bab-bab kang asipat pribadi.....
A.      Gandhok
B.      Pringgitan
C.      Dalem agung
D.      Krobongan
E.       Pendhapa
    45.   Bangunan kang mapane ing sisih kiwa adoh saka Pendhapa.....
A.      Gedhongan
B.      Kandhang
C.      Kombong utawa Sarong
D.      Pawon
E.       Gandhok
    46.   Ing ngisor iki kang kalebu Dasanama  Dalem ageng....
A.      Omah njero, omah mburi
B.      Omah gedhe, omah krobongan
C.      Krobongan, senthong
D.      Senthong kiwa, senthong tengen
E.       Emperan, Krobongan
    47.   Saka gambar ing dhuwur kang nudhuhake Pedhapa yaiku nomer.......
A.      1
B.      2
C.      3
D.      a
E.       c
   48.   Nomer 2 (loro) saka gambar ing dhuwur dhuweni kagunan........
A.      Kanggo kamar kulawarga
B.      Ruang kumpul kulawarga
C.      Kanggo olah-olah
D.      Kanggo nindhakake aktivitas kang asipat formal
E.       Kanggo nyambetake Pendhapa karo Omah jero
   49.   Cacahe Senthong kang ana ing sajroning bangunan adat jawa bisa kaperang.....
A.      1
B.      2
C.      3
D.      4
E.       5
   50.   Senthong Tengah uga asring diarani......
A.      Krobongan, pedaringan
B.      Pringgitan
C.      Cagak utama
D.      Pawon
E.       Gedhongan





II. Wansulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep!
1.   Jlentrehna tegese tembang macapat kanthi trep!
2.   Sebutna guru lagu, wilangan lan guru gatra sajroning tembang Maskumambang!
3.   Sebutna jinising tatacara (methode) nalika nindhakake sesorah?
4.   Jlentrehna tegese Alur  ing sajroning karya sastra kanthi trep!
5.    bp[kPolhankeKp]fh au[nnHu[nnHikujmnSemnpdfiae=[gomr=[w=ojw, k=[goprsisWbbHikuwjibFigugu.
Ukara ing dhuwur salinana nganggo huruf latin kanthi trep!

Materi Tembang Macapat